3 PEMUDA BERBAHAYA & GUYON WATON MAIN NING ALUN ALUN. - PACITANPOST

Kamis, 14 Desember 2023

3 PEMUDA BERBAHAYA & GUYON WATON MAIN NING ALUN ALUN.


Pacitan Ppos.15.12.023.
Bengi iki Gempita Jogokaryan tahun 2023 digelar ana alun alun Pacitan lan bakal dibuka Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Segala Persiapan sore maeng wis ditata , panggung gedi werna putih ketok gagah ngadeg sisih lor madep ngidul ,  stand kuliner ngubengi lapangan  saka zegala penjuru .

Undangan penggede Pacitan ditata apik bak ana Kafe , warung warung cilik  mandiri ( UMK) wis pada dasar /mulai dodol.

Panggung utama Gempita Jogokaryan 14-16 desember 2023.

Miturut Asdam salah sijining Panitia, omong,  yen maeng awan panggung utama wis dienggo feshion group Balita / PAUD.

Pembukaan digelar bengi iki sekitar jam pitu bengi ( 19.00 wib) menyang Bupati Aji , alhamdulillah kabeh persiapan wis rampung, jare Asdam.

Terop kanggo Para Penggede Pacitan kaya tongkrongan ning kafe.

Turmudi selaku Kepala Dinas Disbudpora Pacitan , ngeling ake yen bengi iki lagi sekedar pembukaan  urung enek tampilan musik tiga pemuda berbahaya , ko gek dikira bengi iki , jare turmudi guya guyu.

Sesuk bengi acara diisi group saka jogja Guyon  Waton lan mlm tanggal 17, panggung gedi lagi diisi Group musik Tiga Pemuda Berbahaya, imbuh Turmudi sing dina iki  ketok ngliyup saking kesele.

Perl dimangerteni , stand stand sing wis ditata nampilke berbagai karya seni , ukir, musik, seni foto grafi.kuliner ,fashion lan karya seni liyane...bedane muk siji , kabeh karya seni  ora mung  zekedar dipajang,tapi sengaja didol..( tik)






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda