BAWASLU PACITAN AJAK KABEH WARTAWAN NGAWASI PEMILU BARENG TAHUN 2024. - PACITANPOST

Kamis, 28 Desember 2023

BAWASLU PACITAN AJAK KABEH WARTAWAN NGAWASI PEMILU BARENG TAHUN 2024.


Pacitan.12.12.023.
Badan Pengawas Pemilu ( Bawaslu) Kabupaten Pacitan, ngajak marang Kabeh Wartawan Pacitan melu ngawasi Pemilu  tahun 2024.

Miturut Ketua Bawaslu Pacitan Syamsul Arifin,  peran Media  nek isa , ora muk sekedar mberitakne , ananging uga melu ngawasi mlakune pesta  demokrasi , jare Syamsul ana acara  Media Gathering selasa (12/12) ana Hotel Parai Pantai Teleng Ria Pacitan.

Kejaba saka iku, Syamsul uga njaluk marang wartawan gelem menehi saran /masukan menyang Bawaslu Pacitan,  ben mlakune Bawaslu  jejeg lan apik.

Ora usah ewuh pekewuh  bapak ibu  , nek arep usul , ngitik  utawa menehi saran langsung wae , sepanjang kritik lan saran sampean ( Media) kritik positif , tambah Samsul.

Media Gathering antara Media lan Bawaslu Pacitan  digelar santai lan kekeluargaan , kabeh anggota lan staf Bawaslu lan wartawan sing teka ketok akrab.

Uneg uneg  lan masukan wartawan kabeh dirungokne marang Bawaslu Pacitan sing esuk kui dipimpin langsung Ketua Bawaslu Syamsul Arifin lan  Agus Haryanto sebagai pejabat Divisi Media ..( gustik)

BEBEK SINJAY KHAS PACITAN TIADA DUANYA HANYA ADA DI TIRTO WENING PACITAN.





 

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda