BIS TUAN RUMAH DIDUGA BAKAL KESIKUT MANEH..RESTU MLEBU PACITAN. - PACITANPOST

Minggu, 24 Desember 2023

BIS TUAN RUMAH DIDUGA BAKAL KESIKUT MANEH..RESTU MLEBU PACITAN.


Pacitan Ppos.23.12.023.
Sak bubare Reformasi , Regulasi Transportasi  darat, Laut lan udara pancen digawe bebas karo Pemerintah Indonesia, bahkan ijin lan persyaratane digawe penak,  tur yo ora ribet koyo 20 tahun kepungkur.

Merga perijinan dipermudah , gelem ora gelem persaingan perusahaan Transportasi saya ketat , ora isa menyesuaikan , dipastikan gulung tikar , utawa kejut kejut mati suri.

Contoh Perusahaan Bus Lokal Pacitan, diduga merga isih nganggo managemen kuno, Bus lokal sing awale idap idapi , lambat laun kelibas karo perusahaan bus luar kota.

PO.Agra Mas sing disik jenenge Giri Indah menguasai jalur Pacitan Jakarta , Pacitan - Sumatra ( Ft Kondisi Terminal Pacitan.

Ora tanggung tanggung , Bus milik Wong Pacitan  Asli ,,klepek klepek ,, digrudug bus Kaliber Nasional sing berbasis ana Wonogiri Jawa Tengah.

Bis lokal Pacitan sing awale merajai jalur Pacitan - Jakarta lan Sumatra , tumbang karo bus sing rupane abang.

Bis abang sing ndisik jenenge GIRI INDAH , saiki malih jeneng AGRA MAS ,  Nyikat jalur Pacitan- Jakarta lan Pacitan - Sumatra.

Sing parah meneh , bis lokal sing kari nyisakne Jalur Pacitan -  Surabaya , wingi tanggal  (21/12)  wis klebon pesaing bus luar kota sing cukup terkenal.

Dipastikan Bus Lokal Kota Pacitan , sing wis operational sekitar 50 tahun lebih , diduga uga bakal kelindes maneh.

Sing repot maneh , tekane bus luar kota sing rupane ijo pupus Identik Brand Panda disambut antusias warga Pacitan.

Terbukti ana medsos medsos , utamane group  WA , akeh warga sing posting Bus lengkap jenenge Bis uga jadwal jadwale saka Surabaya lan Pacitan.

Miturut Muhammad Kholil , aku ora gagas bis lokal utawa dudu mas, sing penting tempat duduk'e longgar , sikil ora ketekuk tekuk...nah lho ( gustik)










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda