BUPATI MOCO AL BARJANJI , WARTAWAN NDOMBLONG- DIKIRA RAISO NGAJI... - PACITANPOST

Jumat, 29 Desember 2023

BUPATI MOCO AL BARJANJI , WARTAWAN NDOMBLONG- DIKIRA RAISO NGAJI...

Dengan tekun Bupati Aji membaca dengan fasih kitab Al Barjanji didampingi Kajari.Kapolres dan Sekwilda Pacitan.

Pacitan Post  Edisi:  Tutup tahun 2023.
Jelang tutup Tahun 2023, Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji  Jum'at ( 28/12) ngenekne kegiatan rutin  keagamaan.

Kegiatan rutin sing dienekne ana Halking Pendopo Pacitan ,yo kui arupa , slawatan , doa tahlil , moco Albarjanji dilanjut Markabanan.

Group penabuh alat musik ,,  Slawatan ,, yo kui Group  Welas Asih , sing ternyata ijik binaane pak Bupati Aji dewe.

Kabeh wartawan Pacitan sing rencanane bengi kui  diundang ramah tamah karo Bupati ,, ujug ujug ,, Protokol Pemkab Pacitan  ngongkon  kabeh wartawan gabung  melu acara slawatan pak Bupati , sing wektu kui pak Bupati  lagi nglantunake  syair syair slawatan.

sebagian wartawan klesik klesik omong , jebul pak Aji ngajine lancar ...

Kocapo..!
Pas giliran moco Albarjanji , MC  menehi wektu Pak Bupati Aji moco disik dewe Kitab Al Barjanji .
Kitab sing kabeh gawe huruf arab iku,  diwoco beliau kanti kitmad, dawa cendak'e oleh , timbangan suarane  uga apik..

Wartawan sing mungkin lagi weruh  ,,, ambi klesik klesik omong ,, tak pikir pak Bupati ora iso ngaji, jebul mahir....jare Buli.

Sambutan Bupati singkat , acara Slawatan rutin saben wulan digelar ana Halking , terbuka kanggo umum , sopo wae entuk melu , jare Bupati sing diprediksi Pilkada serentak tahun 2024 ora oleh mungsuh sing sepadan.

Perlu dimangerteni , acara slawatan bengi iki mau ditekani Kapokres Pacitan , Kajari Pacitan lan Sekda Pacitan.
Kabeh tamu halking   senyap,  saat Bupati khusyuk  ngaji.

Perlu dimangerteni , acara semi spiritual sing sering dienekne Bupati sewulan pisan  ,  entuk  apresiasi tokoh tokoh budaya lan agama Pacitan.

Sopo meneh sing arep nguri nguri seni Hadrah , slawatan ,  Berjanjen lan seni seni liyane sing berbau Islam , nek ra wong sing duwe kekuasaan , koyo to  Pak Bupati Aji, sing slawatan  saben saben Sabtu Kliwon...( Gustik)

.














Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda