Pacitan Ppos.05.12.023.
Dinas PUPR Kabupaten Pacitan , iki dina ngenekne ulang tahun ke 78. Kabeh kegiatan ulang tahun dipusatne ana Pantai Buyutan Widoro Donorojo Pacitan.
Miturut Kepala Dinas PUPR Pacitan Suparlan ST , kegiatan ulang tahun difokuske aksi nyata ,.kejaba nambal / ngaspal jalan, nandur wit witan lan ngedum beras uga ana kegiatan nyata liyane.
Jare Suparlan , kegiatan nyata iki sesuai intruksi Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji sing menehi arahan kegiatan sing berdampak langsung warga masyarakat.
PUPR milih lokasi akses jalan menuju Pantai Buyutan , merga jalan kui wis mulai rame digunakan insan wisata sing pinuju menyang pantai Buyutan , pantai Nyawiji ,banyu tibo lan sak piturute.
Terkait kegiatan Baksos sing wujud ngedum beras marang sebagian warga masyarakat sing diundang , tujuane muk sekedar aksi berbagi sesama , ora enek tujuan opo opo , jare Suparlan.
Suparlan uga mbantah yen aksi bagi bagi sembako bernuansa politis , seolah olah aksi ( baksos) bagi bagi sembako pesenan saka Bupati Indrata Nur Bayu Aji.
Perlu dimangerteni , aksi baksos pembagian beras 5 kg , dicondro oknum tertentu , yo kui kegiatan banyu amis alias duwe tujuan politik sing di arahke menyang Bupati.
Maklum Bupati Pacitan Indrata NBA uga njabat sebagai Ketua Partai Demokrat , sing ora lekat isu isu miring, masiha Bupati mlaku sing sakbenere , opo meneh iki musim politik...kadang kroso bau amis masiha sejatine gondo arum...( Gustik)