GEDUNG PDIP PACITAN TERMEGAH NOMER 2 GOLKAR NOMER 3 DEMOKRAT.. - PACITANPOST

Selasa, 19 Desember 2023

GEDUNG PDIP PACITAN TERMEGAH NOMER 2 GOLKAR NOMER 3 DEMOKRAT..


Pacitan Ppos.20.12.023.
Awan kingko ( 20/12)  sekitar jam sewelas ,  Kantor DPC PDI Perjuangan Pacitan  bakal diresmekne kegunaane.

Miturut Heru Setyanto Fungsionaris PDI Perjuangan Pacitan , Gedung anyar PDI Perjuangan Pacitan bakal diresmekne Sekretaris Jendral DPP PDIP Hasto Kristianto.

Anggota DPRD Pacitan asal Ngadirojo iku uga omong, yen gedung sing dibangun 7 milyar kui satus persen wis iso difungsikan.

Muga muga Gedung anyar  3 lantai sing ketok super Megah iku , iso nambahi semangat kader kader PDIP Pacitan ale berjuang kanggp bangsa lan negara ,utamane menangke  pasangan capres Ganjar - Mahfud , terang Heru.

 Gedung Megah PDIP dina iki diresmikan.

Tapi ojo lali , PDIP Pacitan kudu iso nambah kursi  Dewan , sebab yen ora iso nambah kursi awak awak beban karo DPP , mosok diwenehi Gedung Megah , kursi Dewan malah sudo, tambah tokoh sing diperkirakne bakal entuk suara terbesar dapil V  (Ngadirojo-Sudimoro)

Perlu di mangerteni , Gedung anyar PDIP sing lokasine muk sekitar 200 meter saka Gedung Musium SBY- Ani , anggarane entek sekitar 7 Milyar , kontraktore kontraktor lokal  Margono saka PT Ratna Group.

Margono  tokoh sing terkenal kalem , ora kakean koar koar  , ujug ujug  dadi kader PDIP  beneran , sekaligus dadi punggawa  tim Sukses  pasangan Pasangan Capres Ganjar Mahfud .

Heru setyanto , diperkirakan bakal jadi jAwara Caleh Dapil V Pacitan.

Jenenge wong akeh , gara gara Kantor PDIP dibangun apik , cangkeme ( juweh)  sebagian wong Pacitan , muni sak karepe dewe , sing ujung ujunge mbully Kantor DPC Demokrat Pacitan , wis ndlesep angker pisan, jare Jarwo guyon.

Terkait Megawati bakal teka , ternyata muk pepesan kosong , pada karo isu isu  sak durunge   Megawati bakal nyang Pacitan, ternyata oh ternyata....ora teka, informasinr sing teka Hasto karo bojone Bupati Trenggalek Gus Ipin.

Kantor DPC PDIP  Pacitan yen didelok saka Kemegahan lan Kecanggihan mungkin sing   paling megah  , disusul Partai Golkar , Partai Demokrat lan PKB
Sedang partai liyane , saka ngontrak ke ngontrak..,( tik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda