Pacitan Ppos.04.12.023.
Sosok Caleg Melida Akta , akhir akhir iki entuk sanjungan warga masyarakat Pacitan khususe dapil I Pacitan- Pringkuku.
Melida sing budal Nyaleg Saka Partai Nasdem Dapil I Nomor Urut 1, seolah tanpa kesel terus nyambangi
Simpatisan lan pendukung ana dusun dusun .
Masiha sekedar ngopi bareng , Melida ngaku rumangsa injoy lan seneng,minimal iso nyerap aspirasi warga secara langsung ,sekaligus sebagai ajang koordinasi ngadepi pileg pertengahan Pebruari 2024 .
Caleg Melida Akta kalau pas dikota, pilihan cangkruk'an lebih sering di kafe Tirta Wening Mentoro dengan menu Bebek Sinjay.
Melida omong , Cangkruk'an bareng cah enom koyo bengi iki ana Tirta Wening Mentoro , bakal dilakoni rutin , dadi opo ora dadi Dewan.
Bahkan Melida janji, bakal luwih sering nongkrong ( ngopi ) bareng karo warga berbagai lapisan , seumpama diijabah Allah dadi Anggota DPRD Pacitan.
Siji sing di gatekne Melida , saben saben kumpul lan nongkrong bareng warga , mesti wong wong berkeluh kesah terkait anggota Dewan sing lali yen bar pilihan.
Perilaku anggota Dewan sing model kaya ngono kui , insya Allah ora bakal ditiru , Melida janji bakal luwih sering nongkrong bareng warga , ana papan ngendi wae ayo.. , janji Melida mantab.
Sing kepindo , caleg berparas Ayu Asli Kecamatan Bandar iki uga omong , yen saben saben pertemuan karo warga , utamane wong cilik , mesti berkeluh kesah reregan larang , lombok larang , beras larang , minyak goreng larang lan bahan pokok liyane.
Merga Melida urung pernah dadi Dewan , isane muk nampung kabeh keluhan warga , tapi janji yen Melida kepillih dadi Dewan, Melida bakal mendorong Eksekutif lebih berperan utawa minimal menehi solusi kabeh keluhan Warga sing urip soyo suwe soyo susah.
Perlu dimangerteni , Pemilu 2024 akeh caleg wedok sing daftar sebagai calon anggota DPRD Pacitan , tapi sayang sing akeh sekedar muk nggo kelengkapan kouta perempuan.
Mulo kemunculan Caleg Melida Akta , sing wani bersaing keras karo caleg caleg Incumben , perlu diacungi jempol , jare Andry ! mbak Melida ternyata ora sombong , enak dijak omong lan ora mbedak mbedakne wong siji lan sijine , jare Andry guya guyu...sesuk tak coblos awakmu mbak! .....( Gustik)