OKEH WONG NGAMUK , BAKUL DUREN MOBLONG MOBLONG PANEN REJEKI KLEBU BAKUL OMBEN LAN GOBUNGKUS. - PACITANPOST

Minggu, 17 Desember 2023

OKEH WONG NGAMUK , BAKUL DUREN MOBLONG MOBLONG PANEN REJEKI KLEBU BAKUL OMBEN LAN GOBUNGKUS.


Pacitan  Ppos. 18.12.023.
Kesengsaraan , kadang  muncul barokah sing ora disangka sangka, contone peserta jalan Sehat bareng SBY ana JLS wingi.

Masiha acarane iso diarani  semrawut, ternyata effek semrawute acara berdampak manis kanggone pedagang cilik ana sepanjang jalan JLS.

Peserta jalan sehat sing rata rata , adus kringet , merga   kluwen lan ngelak utawa kepanasen berjamaah , gelem ora gelem akhire nyerbu bakul bakul ana sekitar jalur JLS sepanjang 1.5 Km.

Jare Sri Mulyani , sadean sega bungkus kulo telas , gorengan kulo telas , teh manis kulo nggih telas , matur nuwun bapak ibu...,

Bakul Bakul cilik dagangane ludes des..merga effek peserta jalan sehat ke kluwenen lan ngelak.

Bakul Degan  uga laris manis , jare Joko kulo mbeto degan setunggal (  pik up) ludes mas , sekitar setunggal jam degan kulo telas .

Rejeki nomplok ora muk bakul  ngombe lan gobungkus , ananging ternyata bakul duren dadak'an uga entuk rejeki nomplok.

Bakul duren saka desa Padi Tulakan , ,tampil beda , bocah papat sing dodol duren kabeh  nganggo pakaian seksi , kulite putih  putih , paremane  tebel / moblong moblong , gondone minyak ..mak semrepet  saking wangine.

Bakul duren tampil moblong moblong dadi obat moto peserta jalan sehat sing ngedumel ora entuk kupon.

Tak urung sebagian peserta jalan sehat JLS  kepekso mampir, masiha muk sekedar tekak tekok rega, padahal muk arep godani bakule sing ketok moblong moblong  iki maeng...

Jare Rudi Alfian , timbang mikir Panitia jalan sehat  sing ora jedak gawe acara ,  pilih nglipur ati karo mbak bakul duren ..mbak mbak...wis duwe bojo ...aku rondo mas ...! Nah lho...( Gustik)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda