Pacitan Ppos.07.12.023.
Rumah Sakit Daerah dr Darsono Pacitan, kawit pirang pirang tahun , ora duwe gedung ( khusus ) wong lahiran utawa bayen.
Ananging tahun 2023 iki , Rumah Sakit Daerah dr Darsono Pacitan , duwe gedung megah lantai 3 , sing dina iki (07/12) wis PI Alias wis rampung pembangunane.
Miturut Direktur Rumah Sakit dr Iman Darmawan , Gedung sing wis rampung dibangun iki kegunaane , lantai I khusus kanggo persalinan / wong bayen , lantai 2 kanggo ruang Perinatologi lan Nicu , lantai 3 kanggo ruang Nifas.
Direktur RSD Darsono Pacitan dr Iman Darmawan , rumangsa bersyukur Lanjutan Pembangunan Gedung (Khusus Lahiran) sing nelan biaya 3 Milyar lebih wis rampung kanti apik , kari penyempurnaan bagian bagian cilik sing dadi kewajibane Kontraktor.
Perlu dimangerteni , rasa syukur Direktur RSD dr Darsono Pacitan lumrah, merga tahun tahun sak durunge , saben saben Ngebangun Gedung Rumah Sakit , akeh akeh kontraktore bermasalah , kwalitas elek utawa gedung ora dadi nganti putus kontrak.
Alhamdulillah Kontraktor sing iki ( CV Anugrah Tri Artha ) sing digawangi tokoh lokal Pacitan ,, Wartejo,, rampung tepat wektu , kwalitas apik masiha penawarane mudun nganti 700 juta , jare dokter iman ambi guya guyu.
Sementara Direktur Pacitan Courruption Watch ( PCW) sing uga direktur koran iki menehi Apresiasi marang ,, Wartejo ,, selaku perwakilan CV Anugrah Tri Arta sing iso nyelesaikan pembangunan Gedung Khusus Lahiran RSD Darsono Pacitan tepat waktu.
PCW kepekso hadir dalam pembangunan Gedung Rumah Sakit Darsono Pacitan amarga pembangunan Gedung Gedung RSD Pacitan sakdurunge mesti bermasalah , nganti putus kontrak .
Ditakoni Media , Wartejo saka Perwakilan CV Anugrah Tri Artha omong , selama berkecimpung ana dunia kontruksi , Perusahaan kontruksine urung nate gawe kecewa Pemilik Anggaran, Insya Allah masiha mudun adoh saka pagu , proyek tetep rampung tanpa mengurangi kwalitas.
Purnawirawan Tentara , sing sukses dadi Pengusaha Kontruksi iki duwe alesan, wani tarung Lelang Terbuka , kudu wani njupuk resiko ...rugi utawa bathi - proyek kudu rampung , negara lan masyarakat ora entuk dirugikan , Tegas Wartejo ..siap...ndan ! ( Gustik)