Pacitan Ppos.14.01.024.
Ngandani Nelayan Pacitan Pancen kudu duwe jurus khusus , yo kui jurus tlaten , sabar tapi uga diperlokne jurus tegas.
Sebab karakter wong pesisir sing identik dadi ,, Nelayan Tradisional ,, pancen beda karakter karo penduduk perkotaan utawa pedesaan / pegunungan .
Wong pesisir tanpa kecuali wong pacitan , rata rata ditempa urip abot lan keras , sebab saben dina ,, saban sabanane' ,, segara golek pangupa jiwa.
Ananging sayang ' Nelayan Pacitan sing saben dina toh nyawa , ora duwe kedisiplinan , utamane bab pemenuhan keselamatan nelayan.
Contone bab kewajiban penggunaan pelampung saat melaut , himbauan sing wis bola bali di saranke ' marang berbagai pihak , babar blas ora nate digembes.
Akibate ' , Nelayan Tradisional Pacitan sing bola bali kecelakaan laut , rata rata nelayan Pacitan saat melaut ora nganggo pelampung, akhire sing akeh mati merga ora iso nglangi.
Arep mangan bebek sinjay , golek'o panggon sing nyaman lan enak , ketemune ana komplek Tirto Wening Mentoro.
Koyo kecelakaan laut sore wingi (14/01) , korban sing jenenge Subandi (42) mati klelep ning segara sing diduga, kegulung ombak saat korban njala iwak ana pantai Pancer Door.
Informasi , sing mlebu Redaksi Ppos , Korban Subandi, budal njala iwak sekitar jam 16.00 wib, konon prahu sing di tumpangi Subandi minggir karepe dewe menyang tepian Pantai Pancer Door tanpa ana nahkoda'e.
Dimungkinke' Korban saat keterjang ombak gede , ora nganggo pelampung.
Saksi Agus uga omong , pancen rata rata nelayan Pacitan yen melaut/njaring babar blas ora nate gelem nganggo Pelampung ,suker , ribet jare agus gligak gligik
Sementara Kepala Dinas Peternakan/Perikanan Pacitan Bambang Mahendra , njaluk marang kabeh Nelayan Pacitan mematuhi prosedur keselamatan Pelayaran.
Sakjane yo wis rakurang kurang lehku ngandani menyang Nelayan, wajib nganggo pelampung yen golek iwak ana tengah segara , ananging yo kui maeng , nelayan tetep pede ora nganggo pelampung , jare Bambang kesel.
Perlu dimangerteni , Perlengkapan baku nelayan. , salah sijine keWajiban kudu nganggo Pelampung .
Sayang kabeh nelayan sing mati kegulung ombak, rata rata ora nganggo pelampung..angel..angel ( tik)