ASB - LANCUR : YAKIN PRABOWO - GIBRAN MENANG MUTLAK ANA PACITAN. - PACITANPOST

Selasa, 30 Januari 2024

ASB - LANCUR : YAKIN PRABOWO - GIBRAN MENANG MUTLAK ANA PACITAN.


Pacitan Ppos.30.01.024.
DPD Partai Golkar Pacitan , bareng  Partai Demokrat , Gerindra ,  PAN lan Pendukung Partai liyane , duwe komitmen menangke Pasangan Capres Prabowo Subianto - Gobran Rakabuming Raka ana gelaran Pilpres 2024.

Keyakinan Paslon nomor urut 2 (loro) menang ana Pacitan , disampekne,  Sekretaris DPD Partai Golkar Pacitan Lancur Susanto menyang media awan maeng.

Miturut Lancur , kabeh pendukung Prabowo - Gibran ana Pacitan terkordinir srana apik lan kompak , insya Allah sak putaran Prabowo-Gibran menang , tegas Lancur Mantab.


Sekretaris DPD Golkar Lancur Susanto Yakin Pasangan Capres Prabowo-Gibran unggul ana Pacitan.

Ditakoni media , konsep apa sing garahi yakin Prabowo - Gibran menang mutlak ana Pacitan , Tokoh sing wis 15 tahun dadi Dewan iki omong , Kabeh Kader Golkar biasane tegak lurus ,arang banget wong golkar beda pilihan.

Anggota Dewan sing uga mantan Wartawan iki, ora menampik andil Partai Demokrat uga gede banget, opo meneh pak SBY klebu tokoh panutan wong Pacitan , tambah lancur.

Sementara Punggawa Partai Demokrat Pacitan  Arib Setya Budi , mbenerake statmen Lancur saka Partai Golkar ,  Pendukung Pasangan Capres Prabowo-Gibran solid lan siap menangke paslon nomer 02 Menang satu putaran.

Sekretatis DPC Partai Demokrat Pacitan Arib Setya Budi yakin Prabowo-Gibran Menang Mutlak ana Pacitan.

Peran pak SBY , mas AHY lan mas Ibas gede banget kanggo nyedot suara kanggo pak Prabowo lan mas Gibran , ngerti dewe Demokrat Pacitan yen nyang pak SBY , anane muk sendika dawuh, jare Arib  ambi guya guyu.

Ananging Tokoh Tulakan sing uga Ketua Fraksi Partai Demokrat DPRD Pacitan , uga pesen marang kabeh Kader Demokrat Pacitan , ojo silap muk urusan Capres , tapi uga siap menangke Caleg Caleg Partai Demokrat Pacitan , pokok'e minimal 16 kursi kudu iso diraih , jare ASB yakin..

Perlu dimangerteni , Kabupaten Pacitan khusus Kampanye Capres , isih Adem ayem , bahkan pasangan Capres Cawapres (  sapa wae ) urung enek sing wis midak bumi Pacitan, maklum mungkin,  dianggep ora strategis,  amarga penduduk Pacitan sing duwe hak pilih, kurang luwih muk sekitar patang atus ewunan....( Tim)











Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda