BANK GEDE PACITAN BAKAL DISELIDIKI TERKAIT TERSANGKA PENABUR SIANIDA. - PACITANPOST

Rabu, 31 Januari 2024

BANK GEDE PACITAN BAKAL DISELIDIKI TERKAIT TERSANGKA PENABUR SIANIDA.


Pacitan Ppos.01.02.024.
Ora ngira babar blas , yen ana kutha  Pacitan  bakal enek kasus heboh , ya kui wong mati diracun karo bubuk sianida.

Sing heboh meneh , bubuk sianida dipesen online lan cara naburke menyang kopi , tersangka Ayu ( 26) ternyata  blajar lewat media sosial Yutube.

Miturut keterangan Kapolres Pacitan AKBP Agung Nugroho S.I.P. MT. Tersangka Ayu bakal dijerat pasal 338/340 atas dugaan Pembunuhan Berencana sing diancam hukuman Mati/ Seumur Hidup.
Tersangka Ayu penebar racun dianida di kasus pembunuhan sudimoro.

Kronologi pembunuhan.
Tersangka Ayu pancen saben dina dolan ning omahe Korban ( MRS) merga tangga cedak.

Ananging diduga kebelet utang , tersangka Ayu duwe niat jahat pingin menguasai harta keluarga (MRS) utamane duit sing jumlahe puluhan juta rupiah sing disimpen ana ATM bank gede Pacitan.

Persasat meh saben dina Ayu dolan nyang omahe keluarga korban  ambi matane milang miling situasi njero omah.

Bareng wis paham situasi , sasaran pokok sing ditarget Ayu dompet sing isine KTP lan ATM sing disimpen ning njero lemari berhasil digondol.

Rumangsa curiga , keluarga korban Muhammad Risky Saputra ( MRS) nglaporke menyang Polsek Sudimoro Pacitan.

Ananging tersangka sing jenenge lengkap Ayu Findi Antika (26) diketahui wis iso nyairke duit lewat atm  puluhan juta srana ganti PIN ATM.

Diduga merga keweden dilaporke Polisi , Ayu duwe niat jahat maneh , yo kui ngracun keluarga korban karo bubuk sianida sing tuku secara online.

Mbuh piye carane  lan critane , racun sianida iki maeng berhasil ditabur ana kopi sing bar digawe wong tuane lanang korban MRS.

Ndlalah kopi sing wis cumepak rong gelas iki maeng salah sijine diombe MRS saat arep budal sekolah.

Ora let suwe korban sing ijik sekolah SMP iki maeng , lemes lan kejang kenang , ora let suwe MRS meninggal saat digawa menyang puskesmas.

Konfrensi Pers sing digelar ana gedung Bayangkara Polres Pacitan , kejaba dihadiri Kapolres uga ditekakne tersangka Ayu.

Sing menarik salah sijining Wartawan takok , kok isa PIN ATM iso diganti pegawai Bank sedang sing duwe ATM ora moro ning Bank.

Atas pertanyaan wartawan media iki, Kapolres Pacitan sing lagi rong wulan njabat ning Pacitan ,janji bakal menyelidiki petugas bank sing terlibat ganti PIN milik keluarga korban pembunuhan , tapi kasus iki sik yo , boko boko jare Kapolres ambi guya guyu....( Tim)











Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda