EYANG KOTJO , NATE' DADI GURU PONDOK TREMAS PELAJARAN ILMU BERHITUNG LAN SEJARAH. - PACITANPOST

Selasa, 23 Januari 2024

EYANG KOTJO , NATE' DADI GURU PONDOK TREMAS PELAJARAN ILMU BERHITUNG LAN SEJARAH.




Presiden RI ke 6 SBY Menehi Kuliah Umum ana Pondok Tremas Arjosari Pacitan.

Termas, 24.01.024.
Pondok Tremas Arjosari Pacitan umure 2 abad alias 200 tahun, merga wis rong atus tahun , Pondok Tremas klebu salah sijining  Pondok sing paling tuwek sak Indonesia.

Miturut Pimpinan Pondok Tremas KH.Fuad Habib Dimyati , saking tuwek'e Pondok Tremas , para pendidik akeh sing wis seda, klebu eyang Kotjo sing nalika ngajar didapuk ngajar  ilmu Berhitung lan sejarah.

Kepastian Eyang Kotjo pernah  ngajar ana Pondok Termas disampekne Gus Fuad secara langsung ning ngarepe SBY ana acara  Kuliah Umum SBY  ana  Pondok tremas dina iki (Rabu 24/01).

Presiden ke 6  Suslo Bambang Yudhoyono didampingi Edi Baskara Yodhoyono, Sartono , Bupati / Wabub Pacitan , teka ana Pondok Tremas disambut Gus Fuad , Gus Mamuk, Gus Lukman lan KH.Akib.

SBY Disambut hangat santri cilik Pondok Tremas ,dalam rangka Kuliah umum.

Materi Kuliah Umum sing disampekne pak SBY , yo kui terkait  golek pemimpin ana Pemilu tahun 2024 , muga muga ana Pemilu tahun 2024 lahir Pemimpin sing amanah .

Terkait dugaan Pak SBY teka ning Tremas berbau politik ( Kampanye Demokrat)  ternyata ora terbukti , SBY fokus bahas materi Golek Pemimpin masa depan bangsa sing amanah, babar blas ora nyinggung capres tertentu.

Bahkan SBY sing lahir saka Bumi Tremas, berharap suatu saat , enek alumni Santri saka Pondok Tremas sing dadi Pemimpin Bangsa . Mula saka kui , Pondok Tremas kudu dadi Pondok sing meng Internasionall.

SBY Menehi Kuliah Umum ana Pondok Tremas dina iki bab golek Pemimpin sing amanah.

Saking SBY kepingin Pondok Tremas berkwalitas secara Internasional , bar acara kuliah umum, Putra Tunggal Eyang Kotjo iku  Jagong / diskusi sui  karo Kiai Kiai sing kawogan ana Pondok Termas.

Diskusi terkait Peningkatan mutu Pondok Tremas ,  dilaksanaake , ana sela sela ngresmekne Aula Hamid  Dhimyati sing panggone  samping kulon dalem kesepuhan KH.Habib Dimyati , utawa ngarepe persis daleme Gus Lukman.

Nganti berita iki ditulis , urung enek kabar saka Pondok  bab apa wae Program Pak SBY ,tentang peningkatan mutu Pendidikan menuju go Internasional...( Tim)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda