KELUARGA MBAH DIRO ALL OUT BELA PDIP LAN GANJAR-MAHFUD - PACITANPOST

Rabu, 24 Januari 2024

KELUARGA MBAH DIRO ALL OUT BELA PDIP LAN GANJAR-MAHFUD


Pacitan Post.24.01.024.
Sebagian warga Pacitan sempat ngira yen keluarga Ratna Group ( H.Sudiro ) Pemilu tahun 2024  ora pati tenanan.

Ananging miturut Ir Margono ( putro mantu H.Diro  ) kiprah Keluarga Ratna Group   ana Pemilu tahun 2024 All Out ana barisan PDI Perjuangan.

Bukti Keluarga H.Diro serius , persasat kabeh Putra ,Mantu lan putu nyalonke anggota Dewan.

Putro Ragil pak Diro sing jenenge'Edi Kuncoro SE.ST.MM nyalonke anggota DPRD Pacitan budal saka Dapil I ( Pacitan- Pringkuku)

Sementara Adhimas Haryo Seto SE sing tiba bojone  putu , uga nyalonke Anggota Dewan Propinsi  Jawa Timur dapil IX ( Pacitan.Trenggalek,Ngawi.Ponorogo lan Magetan).

Ora mung kui , Bojone Adimas ( anak wedok Bos Grindulu Margono) uga dicalonke Anggota Dewan Pacitan dapil II ( Punung- Donorojo)

Margana penerus Keluarga H.Diro , sing bengi iki ngenekne silaturahim marang awak Media Pacitan , yakin lan optimis putro wayah keluarga H.Diro bakal dipilih marang warga Pacitan , merga labuh lan labete Keluarga H.Diro okeh sing wis dirasakne marang Warga Pacitan, aku yakin pengaruh bapak isih gede,jare Margana mantab.

Ditakoni media terkait dukungan Capres, Bos Media Grindulu FM iku Mantab dukung Capres Nomor 3.

Sebagai bentuk dukungan Capres Nomor 3 ( Ganjar-Mahfud) Rumah Keluarga H.Diro ana Jl Jendral Sudirman Pacitan dienggo pusat pemenangan Paslon nomer 3.

Kanggo Pacitan , pusat pemenangan Ganjar Mahfud paling representatif lan Mewah lan gede , kabeh mubeng didesaint gambar Capres no 3....( Gustik)

Bos Media Grindulu FM Ir.Margono ngeterke putra putrine silaturahim marang awak media Pacitan.






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda