PACITAN POST DADI JUJUGAN MAHASISWA SINAU BAHASA JAWA. - PACITANPOST

Minggu, 21 Januari 2024

PACITAN POST DADI JUJUGAN MAHASISWA SINAU BAHASA JAWA.

Mahasiswa UNS blajar Jurnalistik bahasa Jawa ana Pacitan Post.( foto mahasiswa blajar wawancara karo Kadinas Kelautan)

Pacitan Post 20.01.024.
Media Pacitan Post , sing warta bahasane nganggo Bahasa Jawa , ternyata narik minat Perguruan Tinggi.

Rong tahun kepungkur ,  Mahasiswa UAD Jojakarta  ( KKN) ngangsu kawruh bab Jurnalistik lan masalah sosial Masyarakat.

Iki dina giliran Mahasiswa UNS sing PPL ana Pacitan Post , ananging Mahasiswi sing jenenge Lelly lan Wintang , khusus sinau jurnalistik nganggo bahasa jawa.

Ditakoni apa sebab'e , kok milih Media Pacitan Post , jare Wintang merga mata kuliahe ana UNS jurusan bahasa Jawa,sementara media sing nganggo bahasa  Jawa muk Pacitan Post.

Kadinas Pariwisata Pacitan Turmudi, nampa mahasiswa PPL UNS blajar Jurnalistik.

Sementara Laily sing uga mahasiswi UNS, masiha jurusan  bahasa jawa , Lailly difokuske  blajar dadi penyiar bahasa Jawa sesuai perintah kampunse.

Mahasiswi sing loro lorone asli Pacitan, yo kui  ( Kelurahan Pacitan lan Desa Sumberharjo) PPL ana Media Pacitan Post sekitar sak wulan.

Kepala Dinas Perikanan  Pacitan, Bambang Mahendra , salut marang geberasi muda Pacitan sing ijik gelem nguri nguri / kuliah bAhasa Jawa selamat yo dik, rejeki eneng endi wae..( Tim)










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda