PERPISAHAN SANYOTO DIGAWE ONTRAN ONTRAN SONHAJI ...DICALONKE AE I. - PACITANPOST

Senin, 01 Januari 2024

PERPISAHAN SANYOTO DIGAWE ONTRAN ONTRAN SONHAJI ...DICALONKE AE I.

  Sonhaji gawe ontran ontran politik ana perpisahan Sanyoto.

Pacitan Ppos.02.01.024.
Dudu Sonhaji yen ora gawe ontran ontran, pokok'e  mantan legeslator Partai Golkar Pacitan iku ora peduli papan lan panggon , cok blok opo anane.

Bayangno..'  Acara Perpisahan Kadinas Satpol PP Pacitan Drs.Sanyoto maeng awan ( 02/01) ana  kafe kipokopi JLS, dirancang umume wong perpisahan.

Tapi Songaji sing didapuk dadi  ular ular , justru gawe ontran ontran politik, sing gawe suasana tamu undangan riuh.

Sanyoto sing dina iki Pansiun saka PNS , menyang Sonhaji tanpa basa basi ana duwur panggung, mantan pemain Prespa Pacitan iku dicalonke dadi Bupati Pacitan ( AE 1) .

Tentu wae , ontran ontran Sonhaji sing pingin ndadekne Sanyoto dadi Bupati Pacitan, gawe bojone anyar Sanyoto sing profesine Bidan Boyolali setengah kikuk  lan isin.

Sejumlah Media diundang diacara Perpisahan Sanyoto ,Pensiun saka PNS 

Timses Amin Pacitan iku , uga  ora gagas , sing rawuh ana Acara Perpisahan 80 persen PNS , kodim,sebagian Media lan liyo liyane.

Jare sonhaji , Gus ojo lali tulis sing gedi ontran ontran Sanyoto dicalonke Bupati Pacitan, tulung ojo lali yo , jare sonhaji gligak gligik.

Sanyoto sing awan iku dikawal staf Satpoll PP klebu 3 mobil Damkar menyang tempat acara Perpisahan Kipokopi JLS ,  omong  tugase selama 40 tahun dadi PNS dina iki bar alias pensiun.

Kedepan mantan suami alm Muzazamah iku pingin  Fokus urus keluarga barunya , sing informasine kejaba sebagai bidan uga usaha Resto...( Gustik)

BEBEK SINJAY GUSTIK ORA MEKAKAT ENAK'E





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda