Pacitan Post 08.01.024.
Kepala Dinas Kebudayaan ,Parwisata lan Olah Raga Pacitan Turmudi S.Sos MM, maeng awan ( 08/01) nampa Mahasiswa UNS blajar Jurnalistik bahasa Jawa.
Tema sing ditakokne mahasiswa UNS menyang Turmudi , terkait obyek Wisata ana Pacitan , khususe momen Nataru tahun 2023.
Mahasiswi UNS sing aslinye uga Pacitan , ditampa langsung Turnudi ana ruang Kepala Dinas didampingi para staff.
Miturut tokoh Arjosari sing uga sobat karib Bupati Pacitan , rumangsa bangga, enek generasi muda Pacitan gelem kuliah jurusan bahasa Jawa , padahal rata rata, jurusan iku ora menarik karo mahasiswa liya, tapi mbak Wintang lan mbak Laily iki malah milih jurusan bahasa jawa , aku salut tenan ...sukses ya mbak ,tegas Turmudi.
Turmudi tambah apresiasi marang Mahasiswi UNS Surakarta ,,sebab,, obyek sing ditakokne sebagai bahan Jurnalistik yo kui bab Potensi Pariwisata Pacitan, khususe rikala perayaan Nataru.
Dibantu staff Disbudpora Pacitan , Kadisbudpora Turmudi ,, njelasake,, yen selama libur Nataru kondisi lancar lan aman, obyek paling okeh dikunjungi Obyek Wisata Pantai Klayar, makluk akses jalan wis amba , bis gede' kabeh isa mlebu.
Terkait target perolehan income , isa diarani biasa, urung booming banget , minimal meh pada tahun ndisik 9 M.
Mahasiswi UNS , sing ternyata sak almamater karo bu Bupati Pacitan , Ny Evi Indrata Nur Bayu Aji iki , ternyata uga takon bab preoritas pembangunan Obyek Wisata lanjutan, dijawab Staff Disparbudpora , kabeh dipreoritaske mbak..( Wintang/Lelly , Mahasiswa PPL UNS Solo)