Pacitan Post.10.01.024.
Forum Pewarta Pacitan ( FPPA) bengi iki (10/01) ngenekne acara Launching ,, Dodol Bakso,, ana Bale' Wartawan Rumpin Pacitan.
Miturut Ketua FPPA Agus Setyo Wibowo , Stand Bakso sing papane ana Bale' Wartawan ( Rumpin ) tujuane kanggo sarana kumpul bareng anggota FPPA , minimal kanggo adum informasi terkait jurnalistik.
Acara launching ketok semarak, merga ngundang group musik dangdut koplo , sing bengi iki tampil apik , ketok regeng merga wartawan akeh sing joget .
Ora ngira babar blas , merga alunan musik dangdut ketok rame , mancing wong sing liwat ngarep bale Wartawan , klebu Calon Legeslatif Provinsi Jatim Indra Widya agustina / mas Indra.
Kakak kandung Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji iku ujug ujug ,, menggok mak kluwer ,, menyang bale wartawan langsung melu nyanyi lan joget bareng cah cah media.
Mas Indra omong , aku kimaeng ora sengaja mampir , bar sosialisasi saka wilayah krasa kluwen , enek stand bakso anyar, gek aku menggok spontan , melu joget pisan, jare Indra guya guyu.
Perlu dimangerteni , Bale' Wartawan pancen sering banget kanggo nongkrong tokoh tokoh Pacitan , enek politisi , Anggota Dewan , pegawai , pengusaha , lan tokoh tokoh liya.
Opo meneh ana sekitar Bale Wartawan, akeh Pengusaha kuliner , bakul kopi , kafe / Resto , Warteg lan UKM liya liyane.
Jare Agus Widodo , Kades daerah etan iku sempat memuji , Ngobrol karo wartawan ,, pancen beda karo ngobrol liyo liyane ....asik banget ..( gustik)