WIWID BAGONG DIPREDIKSI NGUKUP DAPIL SIJI , CALEG DADAL DOWAL KETIR KETIR. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 23 Januari 2024

WIWID BAGONG DIPREDIKSI NGUKUP DAPIL SIJI , CALEG DADAL DOWAL KETIR KETIR.


Pacitan Ppos .23.01.024.
Coblosan kurang luwih  kari  20 dina , sapa wae sing nyalonke dewan , sirahe isa diarani cenut cenut , utamane caleg incumben .

Caleg incumben sing pemilu 2019 entuk'e mepet alias sisa suara , dijamin deg deg ser , klebu caleg  incumben sing saiki wis dadal dowal plurune entek.

Kanggo caleg anyar , media Pacitan Post mubeng  ,, tekok tekok ,,  caleg  sing  bakal dipilih ana Pileg 2024.

Hasile ngidap idapi , Rakhman Wijayanto alias  Wiwit Bagong saka  Partai Demokrat,  sing budal saka  Dapil I (  Pacitan-Pringkuku) diprediksi entuk biting paling okeh.
Diperkirakne , Wiwid Bagong minimal bakal entuk suara 7000 .

BEBEK SINJAY  KHAS PACITAN ENAK'E ORA MEKAKAT.

Basis dukungan Wiwit , Desa Arjowinangun sebagai tuan rumah , desa Menadi , Desa Sirnoboyo ,  Desa Mentoro , Desa Tanjungsari lan sakpiturute.

Miturut  salah sijine warga  Pacitan (Sumar ),  Mantan Kades Arjowinangun iku , kejaba diuntungke faktor Partai , plurune kanggo sosialisasi klebu paling top,didelok saka jumlah Baleho pancen Wiwit juarane.
Saben sak jangkah , seolah terpasang Fofone  Wiwid .

Didelok saka Situasi lapangan  obahe Caleg ,khusus dapil I Anung Dwi Ristanto mbuntuti jawara ke dua , disusul antara Gimat lan Joko Susilo.
Partai Demokrat Khusus Dapil I diprediksi entuk 3 Kursi,  paling mujur  sisa suara entuk 4 kursi , tapi ora nganti 5 kursi.

Partai Golkar diprediksi , panggah entuk sak kursi , PDIP sak kursi , PKS sak kursi , sisa kursi rame direbut Gerindra , Hanura.PKB , Nasdem.

Terkait dominasi Rakhman Wijayanto alias Wiwid Bagong ,  sumber suara identik  suarane Bupati Aji sing wis ora macung Dewan ,  lumbung suara desa  Arjowinangun lan  desa menadi.

Terkait suara posisi Arifin sing urung aman, merga basis suara Arifin ana Sirnoboyo kegerus Wiwit Bagong , mula kudu bersaing karo Rudi O , Melida , Bambang Margono .

Sementara perebutan kursi Partai Golkar , cenderung rame , pantauan media Wahyu kimpul bersaing ketat , karo wuri , Wimawan Suharno lan Yulianto , diprediksi sak elel eleke Wahyu kimpul diprediksi suarane ijik lumayan masiha ora koyo Pemilu tahun 2019.

PDI Perjuangan  sak elek elek'e Eko Setyo Ranu , diprediksi isih unggul ketimbang Kuncoro ( Ikun mbah Diro) lan liyo liyane.

Tokoh senior PDIPerjuangan jhon Vera Tampubolon sing melu nyaleg ana dapil I , suarane ijik mesterius , iso iso yen keburuntungan nemplok ning Jhon Vera, ora tertutup kemungkinan malah suarane unggul  ketimbang suarane  ikun lan Eko Setyo Ranu ...( Tim)














Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done