ATM BPD PACITAN DUITE SERING KOSONG / EROR NASABAH BER SUNGUT SUNGUT.. - PACITANPOST

Minggu, 07 April 2024

ATM BPD PACITAN DUITE SERING KOSONG / EROR NASABAH BER SUNGUT SUNGUT..


Pacitan Ppos.08.04.024.
Anjungan Tunai Mandiri ( ATM ) Bank Jatim Cabang Pacitan , akhir akhir iki mulai disorot nasabah bank milik Pemerintah Jawa Timur iku.

Nasabah akeh sing  gelo lan ngedumel , merga ATM bank sing sebagian owner'e Pemkab Pacitan iku sering kosong alias ora enek duwite.

Bahkan menjelang Hari Raya Idhul Fitri  tahun 2024 sing muk kurang 4 dina ,  salah satu ATM sing papane ngarep pasar buah Arjowinangun Layar ATM  clap ..clup..clup..munggah mudun / gangguan.

Miturut Tina (Nasabah Bank Jatim ) begitu Kartu ATM dilebokne , layar ATM sing awale normal , ujug ujug clap clep munggah mudun ora mandeg mandeg , alhasil Kartu ATM tertelan.

Saking judeg'e ora isa njupuk duit , guru ana salah sijinine  Sekolah Lanjutan Pertama ( SMP) Kota Pacitan iku nganti ,, nglarak" / nglabrak petugas Bank Jatim sing papane ana jl A.Yani Pacitan.

Sakdurunge ngadep pimpinan Bank Jatim ,Guru Tina diwenehi keterangan menyang Satpam bank Jatim , yen dina iki Nasabah sing ketelan mesin ATM akeh luwih saka 6 nasabah .

Seolah tanpa beban Satpam BPD Cabang Pacitan ngongkon ngurus atm suk bar tangga 16 april 2024. tentu wae jawaban sing seolah ora rumangsa salah, gawe gelane bu guru BK SMPN 2 Pacitan.

Mas yen cara tanggung jawabmu koyo mengkono , Bank mu klebu Bank sing ora bonafid , bener jare wong wong  Bank BPD singkatan(  Bank Penak'e Dewe )  jare bu guru ambi ngedumel.

Ternyata sing pegel lan protes karo BPD / Bank Jatim Cabang Pacitan merga ATM  sering kosong lan rusak , uga dirasakne Nasabah liyane  sing akeh akehe ASN.

Koyo sing diomongke Petugas Medis Pacitan  ( dr JPT) , Direksi Bank jatim Cabang Pacitan kudu bebenah , utamane pelayanan ana Anjungan Tunai Mandiri sing bola bali bermasalah , yen ora kosong yo rusak.

Direksi kudu peka pelayanan menyang Nasabah , sing bola bali dirugikan menyang Bank Jatim , jajal Direksi iku kon mikir , wis prepegan arep riyaya, Penabung ora isa njupuk duwit, padahal iku  duwite dewe sing dititipne ana bank Jatim, jal Pegawai Bank Jatim kon mikir sithik, jare pak dokter sing ternyata bola boli uga ora iso njupuk duit merga atm kosong.

Bahkan Dokter sing uga duwe bojo dokter iku mengingatkan , Bank jatim sing sebagian besar Nasabahnya ASN , minimal kudu mikir lan introspeksi ,  yen nasabah  ASN iku urung mesti duwite dewe , isa uga duwite negara kanggo keperluan rakyat , yen bola bali kosong ,secara tidak langsung Bank Jatim melu menghambat Pembangunan., imbuh dokter JPT.
Nganti berita iki ditulis ,para  Pimpinan Bank Jatim urung enek sing isa ditemoni, jare petugas satpam , pegawai lagi aktif sekitar  tanggal 16/04/024, monggo yen bade protes bibar tanggal 16 mawon , jare Satpam penjaga anjungan ( ATM)

Perlu di mangerteni , Bank Jatim Pacitan sebagian pemiliknya Pemkab Pacitan , mulo ojo kaget yen kabeh ASN , perangkat desa sak Pacitan diharuskan transaksi lewat Bank Jatim sing ndisik jenenge BPD.
Mulo ojo kaget yen candaan BPD singkatan Bank Penak'e Dewe merga nasabahe ana unsur paksaan saka Pemerintah...( Tim)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda