PASANGAN GARWA JADI IDAMAM WARGA PACITAN , AMAN SIAP TANDING LAN MENANG...! - PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 21 April 2024

PASANGAN GARWA JADI IDAMAM WARGA PACITAN , AMAN SIAP TANDING LAN MENANG...!


Pacitan Pilkada 024.
Masiha pasangan GARWA ( Gagarin/Ronny Wahyono) urung resmi di deklarasikan , ananging antusias warga Pacitan wis mulai mapan lan ngremboko.

Ora tanggung tanggung , tokoh tokoh berpengaruh luar kota asal Pacitan , wis mulai menehi semangat lan dukungan  marang  pasangan ,, GARWA,,  (Gagarin Sumrambah lan Ronny Wahyono).


Miturut  Suhardi pengusaha sukses Jawa Barat asal Pacitan , Pasangan Garwa adalah pasangan tepat kanggo ngimbangi Jago Asal Demokrat , sing kemungkinan  besar isih nyalonke Incumben Indrata Nur Bayu Aji.

Ronny Wahyono lan Gagarin kejaba sugih banda lan pengalaman , uga klebu tokoh sing flamboyan alias disegani lan disenengi masyarakat Pacitan , bebet lan bobote memenuhi syarat sebagai seorang Pemimpin , tegas  Imam Suhardi.


Ternyata , Isyarat dukungan ora mung teka saka tokoh tokoh luar kota , ananging tokoh tokoh lokal Pacitan, uga akeh banget sing suport banget marang pasangan GARWA.

Begitu pasangan Garwa dijedulke' saka Media , ana medsos langsung kemrutuk menehi dukungan lan semangat luar biasa , muga muga pasangan iki tenan tenan tarung ana Pilkada Pacitan tahun 2024 , jare Nur Rohman serius.


Sing gumun , ternyata meneng meneng Tokoh internal Partai Demokrat Pacitan pun uga akeh sing suport marang pasangan Garwa / Gagarin Ronny Wahyono.

Aku dukung pak Ronny Wahyono maju pilkada  Pacitan duwe alesan dewe , pak Ronny kejaba kader Demokrat sejati , pak Ronny uga  pintere ora jamak, ananging posisine ana internal Demokrat wis mulai kegeser beyes beyes wingi sore.

Pak Aji pancen saiki dirubung bocah enom enom , ananging kudune ora nglalekne kader ,, kawak ,, sing wis godras getih berjuang saka awal gedekne Demokrat , jare kader wedok emosional sing ora gelem disebut jenenge.
Fungsionaris  LSM Pacitan Couruption Watch ( PCW) Masduki NS , omong yen muncule pasangan ,, GARWA" ana Pilkada Pacitan , merupakan pertanda apik, minimal pasangan Partai Demokrat bakal entuk tanding pasangan kuat lan sepadan.

Bahkan seumpama pasangan ,, GARWA" tenan tenan maju Pilkada , PCW memprediksi , SBY bakal turun gunung maneh koyo Pilpres wingi.


PCW berharap muncule Pasangan Garwa ( Gagarin-Ronny Wahyono) iso ndadekne Perubahan , minimal Pilkada Pacitan ora muk SBY Centris , Partai liya punya hak memimpin Pacitan , jare Masduki NS.

Semetara Fungsionaris DPC Partai Demokrat Pacitan Arib Setyo Budi , menyambut baik dinamika Pilkada Pacitan sing soyo suwe soyo rame .

Ora masalah seumpama enek  kader Demokrat dicalonke partai liyo , Pilkada 4 tahun kepungkurpun ( Yudi Sumbogo ) sebagai Kader Demokrat uga dicalonke  Partai liya , soal akhire kalah , yo wis resiko jare Arib ambi gligak gligik....(Gustik)













Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done