AJA KLIRU..AYU LAGI DIVONIS ALE NYOLONG...DURUNG ALE MATENI BOCAH.. - PACITANPOST

Selasa, 21 Mei 2024

AJA KLIRU..AYU LAGI DIVONIS ALE NYOLONG...DURUNG ALE MATENI BOCAH..


Pacitan Ppos.06.024.
Pengadilan Negeri Pacitan , sementara memvonis terdakwa Ayu Findi Antika ( AFA) 10 sasi penjara, luwih ringan 4 sasi saka tuntutan Jaksa penuntut umum.

Majelis Hakim sing diketuai Erwin Adian ,  njerat  terdakwa Ayu nganggo pasal 362 KUHP tentang pencurian.

Miturut imam Bajuri SH MH  saka lembaga Bantuan Hukum Pacitan , Vonis Hakim terdakwa Ayu wis sesuai perbuatane yo kui nyolong.

Bajuri nambah ake' , Masyarakat aja kliru lho yo, Vonis Ayu iki lagi vonis perkara ale ,, nyolong,,  barang barang wong Tuwane ( korban) atas  Kasus pembunuhan kopi Sianida Sudimoro , urung ale mateni ' loyo yo ..ojo kliru..jare mantan aktivis PDM Muhammadiah Pacitan.

Perlu dimangerteni , Ayu Findi Antika ( Randa anak siji asal Sudimoro) nggawe heboh jagad Pacitan, merga mateni bocah SMP nganggo racikan kopi sianida.

Awale Ayu muk nyolong Kartu ATM, buku tabungan, HP lan duit sekitar 15 juta duwe`k'e ( Sukatmini ) wong  tuwane ( MRS) bocah sing dipateni.

Ananging saya suwe , Tersangka Ayu grogy lan panik merga keluarga  Sukatmini nglaporne menyang Polsek Sudimoro , terkait ilange duit lan barang liyane iki maeng.

Mungkin rumangsa bakal konangan Polisi, tersangka Ayu nekad tuku racun sianida lewat aplikasi on line , ditaburke kopi sing wis diracik ana pawon / dapur Sukatmini.

Wis ndlalah , racun sianida sing tujuane arep nyilakakne / ngracun  Sukatmini lan bojone , kopi malah diombe anak lanange sukatmini sing ijik sekolah MT's / SMP..

Bocah lanang sing disayang Sukatmini , akhire ninggal kira kira setengah jam sak bare ngombe kopi maut suanida racikan Ayu.
INFO terakhir , kasus pembunuhane tersangka Ayu ijik urung rampung lagi P.19...( TIM)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda