GAGARIN URUNG OBAH SINYAL TETEP NYAWIJI..? - PACITANPOST

Selasa, 21 Mei 2024

GAGARIN URUNG OBAH SINYAL TETEP NYAWIJI..?


Pilkada 2024.
Warga Pacitan menduga duga ,sikap meneng Gagarin ngadepi hiruk pikuk Pilkada Pacitan tahun 2024.

Enek sing omong , Gagarin sing uga Wakil Bupati Pacitan wis diwenehi lampu ijo saka SBY, informasine  Ketua DPD Golkar Pacitan iku tetep bakal ditugaske maneh dampingi calon Demokrat Indrata Nur Bayu Aji ( incumben).

Ananging informasi Gagarin dipanggil SBY urug isa dibenerke marang pengurus DPD Golkar Pacitan , bahkan Hadi Suwarno kaget ana berita Gagarin dipanggii 4 mata SBY,..kapan iku pak ' aku malah urung weruh, jare tokoh sing uga pengusaha optik.

Iklan....!
Sementara Sekretaris DPD Partai Golkar Pacitan Lancur Susanto , nanggepi komentar masyarakat terkait urung obahe Gagarin ngadepi Pilkada Pacitan , anggota DPRD Pacitan iku tetep santai.

Golkar Pacitan menyiapkan strategi ( khusus ) ngadepi gelaran Pilkada Pacitan tahun 2024, Golkar berhitung secara cermat , mengingat pak Gagarin incumben  sing isih njabat Wabub lan aktif bareng Bupati nata pemerintahan Kabupaten Pacitan, minimal ojo nganti enek gesekan  antara Wabup lan Bupati gara gara politik , kingko ndak roda pemerintahan terganggu, jare Lancur diplomatis.

Perlu dimangerteni , suasana jelang Pilkada Pacitan tahun 2024 isih iso diarani Sepi , urung enek calon populer sing daftar lewat Partai , kecuali incumben Indrata Nur Bayu Aji , Ronny Wahyono , Wiwit Bagong lewat Partai Demokrat, kui pun muk sekedar lagi njupuk formuler.

PDI Perjuangan didaftar ketua GMNI Tonis , PKB, Nasdem,Gerindra,Hanura,PKS.PPP urung enek sing daftar sebagai Cabub/Cawabub...Prihatin ! (Tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda