POLISI NUNGGU HASIL LAB SOAL MINYAK GORENG PALSU..MINYAK AKEH UMPLUK'E DIENGGO GORENG ORA MATENG MATENG..SESUK'E WIS ORA KENEK DIENGGO MANEH . - PACITANPOST

Rabu, 29 Mei 2024

POLISI NUNGGU HASIL LAB SOAL MINYAK GORENG PALSU..MINYAK AKEH UMPLUK'E DIENGGO GORENG ORA MATENG MATENG..SESUK'E WIS ORA KENEK DIENGGO MANEH .

Pacitan 05.024.
Polres Pacitan lan Dinas Perdagangan Kabupaten Pacitan  wingi awan ( 29/05) ngenekne jumpa pers terkait dugaan minyak goreng oplosan / palsu.

Jumpa pers digelar ana gedung Bhayangkara Polres Pacitan dipimpin Kapolres Pacitan AKBP Agung Nugroho , didampingi Pejabat teras Disperindag Asep lan Kasat Reskrim Pacitan.

Kapolres Pacitan lan Disperindag Pacitan ngenekne Jumpa Pers terkait dugaan minyak goreng palsu/oplosan

Isi jumpa pers prinsip'e , njelasake yen dugaan pihak Disperindag lan Kepolisian Pacitan wis menindak lanjuti temuan / dugaan anane minyak goreng palsu  utawa oplosan sing beredar ana pasar pasar wilayah hukum Pacitan.

Miturut Kapolres , kabeh sample/ contoh barang ( minyak goreng) sing diduga palsu wis digawa menyang laboratorium /BPOM , saiki kari nunggu hasile,jelas Kapolres.

Sayange Pejabat Dinas Perdagangan Pacitan Asep , ditakoni media terkait ciri ciri fisik minyak goreng palsu utawa oplosan jik  blekak blekuk , bingung karepe dewe.

Kanggo ngedukasi masyarakat , wartawan koran iki tekok jenis minyak goreng sing diarani / diduga palsu , apa minyak sing dienggo goreng ora mateng mateng utawa minyak sing akeh umpluk'e ?

Sayang Asep bingung , malah njawab Disperindag urung ngecek nganti detail semono , jare Asep glogap glagep koyo wong rasiap ngenekne tanya jawab karo media.

Rumangsa wartawan ora entuk jawaban sing pas , Kapolres Pacitan nengahi yen barang sing diduga palsu / oplosan iki dina ijik nunggu hasil Laboratorium , insya Allah yen wis metu mengko direlise maneh, terang Kapolres sing terkenal santun.

Perlu dimangerteni , wis sawetara suwe ana pasar pasar Pacitan akeh wong dodol minyak goreng mutu rendah diduga oplosan utawa palsu.

Minyak goreng sing dikemas botolan , miturut Tina ( pengusaha Rumah Makan) regane muk sekitar 14.000 , ananging yen dienggo goreng metu umpluk'e akeh , kejaba saka iku ora mateng mateng / matenge suwi .

Ciri sing kepindo , minyak goreng sing dikemas botolan (seliteran) bekas'e  arep dienggo maneh wis ora isa merga kalonge akeh banget , dadi yen tuku minyak goreng model botolan seliteran rugi berat , imbuh Tina sing keluargane duwe rumah makan bebek goreng ( sinjay khas Pacitan ) sing papane ana Mentoro.

Anane dugaan minyak goreng oplosan lan palsu , masyarakat Pacitan njaluk gek gage' gage' ditangani lan dibrantas , sak durunge masyarakat rugi berat...( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda