RAME...! GAGARIN SIAP LAWAN AJI ANA PILKADA SOPO SING MENANG .. - PACITANPOST

Senin, 27 Mei 2024

RAME...! GAGARIN SIAP LAWAN AJI ANA PILKADA SOPO SING MENANG ..


Pilkada 2024.
Meh isa dipestekne' , Tokoh Flamboyan Pacitan Gagarin asal Ngadirojo,   Bakal tanding secara langsung ,  ana gelaran Pilkada Pacitan tahun 2024.

Kepastian Gagarin bakal tanding satu lawan satu karo incumben Indrata Nur Bayu Aji , disuarakne petinggi DPD Golkar Pacitan Hadi Suwarno.

Yen umpama , pak Gagarin detik akhir ora ditugaske ( khusus) saka DPP, insya Allah pak Gagarin sing uga wabub ( Incumben) bakal tetep tanding lawan calon kuat saka Demokrat Indrata Nur Bayu Aji , tegas Nano.

Tokoh sing uga pengusaha Jasa kontruksi iku nambah ake , sak jane sejak Nopember tahun 2023 pak Gagarin wis entuk Tugas saka DPP sebagai calon satu satunya ( tunggal) Partai Golkar maju pilkada Pacitan tahun 2024 , cuma pancen urung dipublis , nunggu sekitar sasi juli , imbuh Nano.

Kabar Wabub Gagarin bakal tetep tanding karo Bupati incumben Indrata Nur Bayu Aji, disambut suka cita lan antusias pendukung setia Gagarin.

Kelompok massa sing dijenengke  GAGAH WONG ETANAN rumangsa ora sabar ngenteni statmen langsung Gagarin atas pencalonane ana pilkada 2024.

Koordinator GAGAH WONG ETANAN Agus Susiawan Yakin Gagarin bakal memenangi pilihan Bupati Pacitan periode Tahun 2024-2029 , saiki wis pada muak mas masyarakat Pacitan , pokok'e Pemimpin Pacitan tahun 2024 kudu ganti , ben Pacitan mandiri ora tergantung karo mantan tokoh Nasional.

Sementara Noval saka PCW ( Pacitan Courruption Watch) wis ngira yen Gagarin Bakal Maju Pilkada Tanding lawan Incumben Indrata Nur Bayu Aji , pasale Bupati Aji wis  terang terangan emoh duet meneh karo Gagarin , delok'en wae anane Aji gandeng Wiwiet Bagong daftar bareng ana DPC Demokrat Pacitan , sebagai bukti Aji sayonara karo Gagarin, tegas Noval.

Harga diri wong Golkar lan Gagarin dipertaruhkan yen ijik ngarep duet karo Aji , wong Golkar lan wong etanan ora lila Gagarin dihina secara Politik...ayo kita lawan...Bupati Pacitan tahun 2024 ,, GANTI,, jare wong etanan sing ora gelem disebut jenenge.....****  ( Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda