TONIS ' NYABUB ORA MUK NGENDELKE JENENGE PAMAN - PACITANPOST

Minggu, 12 Mei 2024

TONIS ' NYABUB ORA MUK NGENDELKE JENENGE PAMAN


Pilkada 2024.
Arep diarani golek sensasi iso , arep diarani jajal awak iso , wis pokok'e diarani opo wae iso , jare koncone Tony Dhikrullah sing melu ngeterke daftar cabub ana kantor DPC PDIP Pacitan.

Perlu dimangerteni , Ketua GMNI Pacitan Tonny Dhikrullah iki dina daftar Calon Bupati Pacitan Lewat Partai Demokrasi Indonesia  Perjuangan Pacitan.

Tony sing uga wartawan salah sijining Media iku,  daftar diterke konco koncone sesama GMNI Cabang Pacitan ,, gembrudug,, menyang kantor DPC PDIP sing papane cedak Lapter Iswahyudi Pacitan.

Tony Dhikrullah Daftar Cabub Pacitan via Induk Partaine PDIP.

Miturut Dedengko GMNI Nur Suhud , daftare Tonny sebagai Calon Bupati Pacitan , nandaake yen Demokrasi ana Pacitan normal lan terbuka.

Opo meneh sing daftar klebu bocah enom,kudu wajib di dukung , minimal ben iso ngimbangi calon pihak liya sing didukung tokoh besar Pacitan, jare mantan anggota DPR RI 3 periode.

Sementara Tonny menyang media iki omong, yen majune sebagai Cabub Pacitan , ora golek zensasi , ora golek wah, tapi murni pingin edukasi politik marang warga Pacitan , minimal ben ojo terpaku karo suwuk zembure salah satu tokoh Pacitan.

Pacitan ora bakal maju yen saben saben kegiatan sosial lan politik berbau partai politik tertentu , sitik sitik paman , sitiik sitik paman , kapan majune pacitan yen sing didelke muk PAMAN...PAMAN..( GUSTIK)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda