MEH KADES SAK PACITAN PINGIN NYANG CIKEAS, NJALUK WIWIT BG DIREKOM, RONNY ORA KAWATIR....! - PACITANPOST

Kamis, 27 Juni 2024

MEH KADES SAK PACITAN PINGIN NYANG CIKEAS, NJALUK WIWIT BG DIREKOM, RONNY ORA KAWATIR....!

.        Rakhman Wijayanto /Wiwit Bagong

Pilkada Pacitan 2024.
Surat Rekomendasi ( Rekom) saka Partai Pengusung ,pancen dadi syarat mutlak KPU kanggone wong kang arep maju ana Pilkada setiap daerah, ora terkecuali Pacitan.

Ana Kabupaten Pacitan ,  Persaingan golek Rekom praktis muk ana Partai Demokrat , partai liyane nganti seprene situasine  ketok  adem ayem tanpa greget.

Seminggu kepungkur Bacabub Ronny Wahyono , dalam rangka  golek biji menyang DPP Partai Demokrat , merapat menyang Partai Partai diluar Partai Demokrat.

Tujuan Ronny , pingin ndudohne  DPP Partai Demokrat yen pencalonane' sebagai Bacabub Pacitan ora kaleng kaleng , fakta meh kabeh Partai koalisi ndukung Ronny Wahyono Maju sebagai calon Bupati Pacitan periode 2024-2029.

Kades Kades Pacitan bertekad sukseskan Wiwit Bagong dadi Wakile Incumben Indrata Nur Bayu Aji.

Semana uga Wiwit Bagong , maeng awan (27/06) , kanggo ndudohne menyang DPP Partai Demokrat  , yen pencalonane sebagai Bacawabub  Pacitan uga ora kaleng kaleng, mantan Kades Arjowinangun iku jalin komunikasi politik menyang   kades sak Pacitan lewat jalur FKKD.

Bahkan situasine , iso diarani gegap gempita , malah  saking antusiase,  para Kades pendukung Wiwit Bagong , nganti pingin ketemu pak SBY ana Cikeas utawa ngadep serentak menyang  DPP Partai  Demokrat ana Jakarta.

Miturut Ketua FKKD Sutomo , tujuan kades pingin ketemu pak SBY ana Cikeas / DPP Partai Demokrat muk sekedar usulan , mungkin konco konco maeng saking antusiase gek pingin rekom mudun menyang pak Wiwit , tegas mantan guru sing saiki kejibah dadi kades Arjosari Pacitan.

Sementara Bacawabub Rakhman Wijayanto alias Wiwit Bagong , rumangsa terharu  semangat konco konco kades sak Pacitan sing wis menehi dukungan penuh sebagai Cawabub Pacitan periode 2024-2029.

Ananging Wiwiet menehi pemahaman , yen sebagian mekanisme penilaian DPP Partai Demokrat , salah sijine yo kui tokoh sing arep maju sebagai Cabub/Cawabub Pacitan  kudu survyne duwur , mula aku njaluk tulung marang pak kades  yen enek petugas Survy nakoni wargane, tulung aku dibantu , ujar Wiwiet ambi guyon.

Perlu dimangerteni , miturut Ismono Kades Dadapan , umpama pak Wiwiet sesuk entuk rekom saka DPP Demokrat lan menang Pilkada Pacitan , Wiwit Bagong merupakan satu satunya kades ana Pacitan sing njabat ana Eksekutif /Wabub.

Jare Ismono..!  Ayo pak Wiwit didukung, mumpung iki enek kesempatan , pungkas mantan pegawai Diknas Pacitan sing saiki kejibah dadi kades Desa Dadapan Pringkuku Pacitan...

Ronny Wahyono sing wis ngerti Rakhman Wijayanto didukung sebagian besar Kades Sak Pacitan , ngaku ora kawatir , jare Ronny Pangkat Drajat iku sing ngatur sing Kuasa Allah Swt , tenang aja ..jare Ronny Santai ...( Gustik












Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda