MENEBAK ARAH POLITIK RONNY WAHYONO..BLUNDER KAH...? - PACITANPOST

Selasa, 25 Juni 2024

MENEBAK ARAH POLITIK RONNY WAHYONO..BLUNDER KAH...?

       Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan.

Pilkada Pacitan, 24.06.024.
Iki dina langkah Politik Kader Demokrat Pacitan Ronny Wahyono dadi picaturan sebagian warga Pacitan .

Sebagian warga Pacitan menilai , langkah Ronny Wahyono sing ngenekne' silaturahim terbuka karo Partai Partai koalisi (non Demokrat ) jelang Pilkada , dianggep langkah tepat lan berani.

Menurut Dedengkot Partai Persatuan Pembangunan Pacitan Samsuri , langkah pak Ronny ngenekne pertemuan karo Partai diluar Partai Demokrat  kui hal biasa lan ora perlu digede`k  gede`kne'.

Sebagai Politisi , lumrah Ronny  membangun sinergitas karo Partai liya demi Kemajuan Pacitan , dadi ojo sethitik setithik dihubungke karo Pilkada , tegas Samsuri.

Pujo Setyo Hadi Pengurus DPC Partai Demokrat Pacitan 

Sementara Pujo Setyo Hadi Pengurus DPC Partai Demokrat Pacitan ,,urun rembuk,, bab polemik Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono , sing gawe manuver merapat menyang Partai diluar Partai Demokrat.

Tokoh sing uga jabat Ketua Komisi 4 DPRD Pacitan iku omong , yen Ronny Wahyono secara resmi daftar sebagai Bakal Calon Bupati Pacitan bersaing karo incumben Indrata Nur Bayu Aji.

Berkas kabeh tokoh sing daftar lewat DPC Partai Demokrat Pacitan kabeh wis dikirim menyang DPP Partai Demokrat  ana Jakarta , lan iki dina kari nunggu rekom saka DPP, jare Pujo.

Tokoh sing wis arep 25 tahun dadi anggota DPRD Pacitan iku , nambah ake' yen penilaian kabeh calon Bupati sing daftar lewat Demokrat , salah sijine berdasarkan Hasil  lembaga Survy sing ditunjuk DPP.

Ora enek intruksi saka Pusat secara resmi yen Calon sing daftar lewat Demokrat kudu bangun komunikasi karo partai koalisi / partai diluar Demokrat , pungkas Pujo sing akrab disebut Syech Pujo deplomatis.

Perlu dimangerteni ,  Ronny Wahyono rong dina kepungkur ,  ngenekne konsolidasi/silaturahmi karo Partai koalisi diluar Partai Demokrat ana salah sijine Rumah Makan Pacitan.

Bahkan salah sijine Partai koalisi ngaku, yen Putra Mantan alm Bupati Sujono iku njupuk berkas pendaftaran sebagai Calon Bupati saka Partai Nasdem Pacitan.

Merga langkah Ronny Wahyono sing dianggep cukup berani , dadi pitakonan sebagian Warga Pacitan , enek sing omong yen Langkah Politik Ronny sebagai Pertanda  sikap mbalela .

Isu sing berkembang Ronny wis mulai disingkirke saka Posisi apapun ana DPC Partai Demokrat Pacitan , bahkan posisi Ketua DPRD 2024-2029  pun  meh isa dipastikan bakal ora kejamah alias lepas, sing isune jabatan Ketua DPRD Pacitan bakal diduduki kader Kontroversial Arib Setyo Budi / ASB.

Sementara Tokoh Pergerakan Sosial Bhineka Bangsa Pacitan Ferry Ardiansyah mengaku ,  hal sing lumrah Ronny Wahyono membangun komunikasi lintas Partai , minimal pak Ronny isa ndudohne menyang DPP Partai Demokrat yen pencalonane sebagai Cabub ora muk didukung saka Partai Demokrat , tapi uga didukung saka partai partai non Demokrat , iku malah apik lan wajar , ora perlu dimasalahne lan ora perlu digedek gedekne , tutur Tokoh sing uga Praktisi Hukum ana Pacitan.

Nganti berita iki ditulis , media Pacitan Post urung entuk konfirmasi bab langkah Politik Ronny Wahyono sing ngenekne silaturahim bareng koalisi Partai Non Demokrat,  diparani menyang kantore  Ronny keburu lunga nekani acara liya...( Gustik)











Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda