SUGENG KUNDUR MAS AGUS...! - PACITANPOST

Selasa, 11 Juni 2024

SUGENG KUNDUR MAS AGUS...!

Alm. Agus Hermawan Wartawan Portal Pacitan.

Pacitan.12.06.024.
Sapa sing ra kaget'
Wingi awan (11/6) AgusHermawan  ijik nulis berita terkait kegiatan Foging Polres Pacitan lan Aksi bersih bersih Pantai ana sekitar Pantai Pancer Door Pacitan.

Bahkan karya jurnalistik kegiatan bersih bersih Pantai Pancer Door ditulis Agus sekitar 14.30 wib .

Ora nyono ora ngira , rong jam sak bare / sekitar jam 17.30 insan media lan tokoh tokoh Pacitan kaget , buka group WA sing isine' ,, postingan lelayon ,,  Inna lillahi Wainna illaihi Rojiun  sdr Agus Hermawan wartawan Portal Pacitan telah meninggal dunia , diduga karena Jantung.

Kabeh geger ..' seolah ora percaya yen Tokoh sing terkenal disebut Agus Jenggot iki maeng ninggal tenanan, krang .kring..krang ...kring kabeh tekok memastikan opo tenan Agus seda..?

Kronologi..!
Bubar acara liputan jurnalistik  ( 14.00 Wib ) agus Hermawan mulih menyang omahe Dusun Krajan Desa Mentoro , saperlu arep buru buru gawe/ nulis berita terkait kegiatan Bersih Bersih Pantai.

Bar nulis berita , Agus njaluk mangan menyang bojone ,bu aku gawekno mi godok , bar mangan aku arep nang kandang / makani pithik .

Kocapo..!
Bar mangan emi , informasi tetangga Agus langsung makani pithik , ananging Agus kroso awak'e koyo masuk angin lan lemes ora duwe daya ... awakku lemes ...awakku lemes..dadaku sesek..kumat iki aku , aduh.aduh  ora kuwat aku...bar kui agus langsung semaput.

Ditunggu sedilit , kondisi Agus nglentruk ora obah ,  seolah wis kepundut gusti kang akarya jagad , ananging kanggo memastikan secara medis , pihak keluarga gawa Agus menyang klinik dr Warkim, lan fix dinyatakan meninggal dunia,Inna lillahi Wa Inna illaihi Rojiun , mugi kundur ingkang Husnul Khatimah mas Agus.

Riwayat  nekuni dunia Jurnalistik..!
Agus Hermawan ,vAle dadi Wartawan pancen urung pati suwe' , ananging kiprah Agus Hermawan (57) ana jurnalistik wis mewarnai dunia tulis menulis, khususe' ana daerah Kabupaten Pacitan.

Sing Menarik..!
Almarhum sing papane ana Dusun Krajan Mentoro Pacitan iku, miturut catetan Media , urung pernah nulis bab sing ala ala : misale' kasus asusila , perkara  korupsi ,tukaran lan bab elek'e liyan.

Khusus Potensi..!
Seolah wis dadi pakem'e , Agus Hermawan sing asline bocah saka Jawa Barat iku , karya tulisane meh 100% terkait potensi daerah /Pacitan.

Mula tokoh sing terkenal Agus Jenggot iku , klebu wartawan sing rajin menyang dinas dinas lan desa desa golek data sing hubungane karo Potensi Daerah.

Suatu saat  Agus Jenggot ditakoni ! Ngopo kok ora wani nulis sing sifate kontroversi, tokoh sing duwe anak telu iki maeng jawab : Pejabat Pemerintah Kabupaten Pacitan perlu suport ,, ben Pacitan cepet maju kaya daerah liya , sedang sing sifate pelanggaran / kontroversi awakmu  wae brow..he....he.. , jare Agus ambi guya guyu ke`kle`k>>.

Getol sinau agama..!
Awale  alm Agus Hermawan,  klebu tokoh Kontroversial , melu berjuang terkait ketidak adilan, Korupsi lan penindasan ( konon)  bergabung ana LSM luar daerah.

Ananging sekitar 5 tahun iki, Agus getol sinau agama , berbagai macem tafsir Qur'an lan Hadist Nabi , persasat disinau saben wengi ,termasuk klebu blajar ceramah agama.

Pendek kata' perilakune Agus ,  iso diarani malik grimbyang , Sembahyang tepat waktu , ngadohi minuman ber alkohol lan perilaku  /  adab elek liyane kabeh didohi.

Suatu saat Agus Omong..!
Urip kui sifate muk mampir ngombe', nyawa dijupuk karo sing kuasa ora dumeh awan lan sore .
Walilkulli ummatin Ajalun,faidha ja'a ajaluhum,layas tak khiruna saata wala yas takdimun..
                        Artinya.
Jika Ajal seseorang/umat telah tiba, maka tidak bisa ditunda  dan tidak bisa dimajukan...Qs Al Araf 34.

                       KAMI  DARI : 
MEDIA PACITAN POST GROUP , PADEPOKAN ENGGAL BABAR BIRD FARM, MANAGEMEN RESTORAN TIRTA WENING, KELUARGA BESAR SUGIHARTO TUNAS SUBUR , REKAN REKAN FPPA DAN MASYARAKAT DESA MENTORO.
          Nderek bela sungkawa, sugeng kundur mas Agus..' mugi jannah  husnul khatimah....Amin..

Tulisan ini khusus untuk mengenang Alm Agus Hermawan dalam kiprah singkatnya didunia Jurnalistik di Pacitan , ditulis oleh sutikno dari Pacitan Post Group..







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda