BUPATI OMON 2 INGGRIS -BULE 2 pada PILIH KLESOTAN. - PACITANPOST

Selasa, 16 Juli 2024

BUPATI OMON 2 INGGRIS -BULE 2 pada PILIH KLESOTAN.

,
Bule bule Perancis klesotan ndelok rontex

Pacitan Ppos.15.07.024.
Festival Rontek tahun 2024 mambengi,  enek sing rodok menarik , yo kui saat Bupati  Aji omon omon marang peserta bule ' sing arep melu mlaku ana acara Rontek 2024.

Sayang pelancong bule'sing mlaku muk sitihik , sementara ijik enek sekitar 15 pelancong bule' asal Perancis sing  awale pingin melu dadi peserta , tapi ujug ujug ora sida.

Ditakoni media  Becaouse he didn't go for a walk ( kenapa tidak jadi ikut jalan..) bule bule sing gawa anak cilik cilik iki maeng , muk guya guyu..I just choose to watch this festival ( aku pilih lihat festival ini saja) .

Omon omon Bupati Aji nganggo bahasa Inggris , mungkin sebagian warga Pacitan rodok kaget , tapi kanggo sebagian wong sing cedak karo mas Bupati , wis hal biasa bupati omon omon karo bahasa inggris, maklum ponakan SBY iku klebu atlit Selancar sing rata rata bergaul karo wong bule.

Pelatih  Ranting PSHT Pacitan Aji Prasetyo mimpin Ranting  PSHT Pacitan dadi Peserta pertama Festival Rontek Pacitan tahun 2024.

Turmudi selaku Kepala Dinas Kebudayaan Pariwisata dan Olah Raga Pacitan , rumangsa mbegogok atine Festival Rontek Pacitan iso dibuka Bupati srana slamet lan lancar.

Ananging sayang'e Festival Rontek Pacitan Tahun 2024 , tamune / undangane ora enek sing mlebu katagori Pejabat utama , bahkan Dinas Pariwisata Jawa Timur wae', muk diwakili sekelas Kabid.

Bupati tetanggapun ,  Ponorogo , Trenggalek , wonogiri , gunung kidul , Jogjapun sitok wae ora enek sing ketok njedul nekani festival Rontek Pacitan tahun 2024 , sing bakal digelar saka tanggal 15-17 juli 2024.

Menurut salah sijining Penonton Rontek asal Gunung Kidul  ( Sutrisno) sing kebetulan dolan nyang Pacitan merga urusan liya ,  Ati ati mas festival koyo ngene iki yen dienekne ben tahun RAWAN BOSEN PENONTONE'.....( gustik)

Penari Rontek sing diperanke siswi SMPN 2  Pacitan , Aksi (ethok ethok mati)  ning ngarepe Bupati Aji lan undangan..













Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda