BUPATI : SING PENTING ENEK DANGDUT'e PENGUKUHAN FPPA SUK! - PACITANPOST

Rabu, 31 Juli 2024

BUPATI : SING PENTING ENEK DANGDUT'e PENGUKUHAN FPPA SUK!


Bupati Pacitan KRT Indrata Nur Bayu Aji wawancara dengan TVRI JawaTimur siap mengukuhkan pengurus  FPPA Pacitan Periode tahun 2024-2026 .

Pacitan Post.31.07.024.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , njaluk gek ndang  segera  , Pengurus anyar Forum Pewarta  Pacitan ( FPPA)  tahun periode 2924-2026 di kukuhne.

Jare Bupati!..
Arep ning pendopo utawa ning halking Bupati siap , sing penting enek dangdut'e , imbuh Bupati ambi guya guyu.

FPPA Pacitan !  sing dipimpin Gustik saka media Pacitan Post , bertandang  menyang kantor Bupati bareng 5 pengurus. FPPA. sing tujuan pokok'e silaturahim.

Ananging jenenge' wartawan , mumpung ketemu Bupati akeh pitakonan marang beliau , utamane terkait penggunaan Dana Pers sing  dianggep kurang transparan.

Vokalis Pacitan Muh Saptono Nugroho , nganggep selama iki penggunaan dana Pers urung transparan lan urung sesuai mekanisme sing berlaku.

Sementara Bupati Pacitan KRT.Indrata Nur Bayu Aji , entuk pertanyaan ndadak saka Saptono , janji bakal tekok marang DinS Kominfo sing ( mengelola ) penggunaan dana Pers, yo wis  mas engko tak tekokne kominfo pak , Jawab Bupati santai.

Sing menarik Pernyataan Bupati terkait , jelang HUT RI ke 79 , bakal ditekani mantan Presiden RI ke enam Susilo Bambang Yudhoyono , INFONE arep gawa sekitar 300 Alumni , Akademi Militer tahun angkatan SBY.

Insya Allah 300 tokoh sing rata rata Jendral TNI ,  bakal melu upacara agustusan ana Lapangan Pendopo Pemkab Pacitan , imbuh Bupati Aji sing duwe gelar kraton KRT ( Kanjeng Raden Tumenggung).


Perlu dmangerteni , Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji iki dina, kejaba tepot marang tugas tugas pemerintahan , uga  disibukne tugas kepartaian sing kebetulan arep pilkada serentak 27 Nopember 2024.

Bupati ngakoni , pikirane urung pati tentrem merga Surat  Rekomendasi Pilkada Pacitan, khusus Partai Demokrat sesuai tradisi yen mudun menjelang hari akhir pendaftaran Bupati/Wakil Bupati ..( gustik)

















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda