CALON DEMOKRAT BENGI IKI DEG DEGAN..REKOM ISUNE MUDUN..! - PACITANPOST

Sabtu, 20 Juli 2024

CALON DEMOKRAT BENGI IKI DEG DEGAN..REKOM ISUNE MUDUN..!


Pacitan Post 20.07.024.
Bakal Calon Bupati /Wakil Bupati Pacitan sing daftar lewat Partai Demokrat, bengi iki patut deg deg'an , konon Surat Rekomendasi saka DPP Partai Demokrat mudun.

Informasi saka Jakarta , Surat  Rekom wis di tanda tangani petinggi Partai Demokrat , saiki wis digawa nyang Pacitan , jelas politikus sing wanti wanti ora gelem ditulis jenenge.

Bahkan informasi mudune Surat Rekomendasi saka DPP Partai Demokrat , bocor nganti teka Gedung Dewan Pacitan,  wartawan Pacitan Post ojo nganti ora krungu lho yo , terangnya.

Perlu dimangerteni , ana gelaran  Pilkada Pacitan muncul 4 tokoh penting , Indrata Nur Bayu Aji ( Cabub ) Ronny Wahyono ( Cabub) M.Thoha ( Cawabub) Rakhman Wijayanto ( Cawabub) Pacitan.

Saka 4 bakal Calon , sing ketok padang jingglang  lagi Bupati Incumben , yo kui Indrata Nur Bayu Aji ,  sing koyo koyo ora mungkin yen  ora nganti entuk Rekom.
Calon liyane , kabeh isih burem.

Ronny Wahyono sing uga nyalonke dadi Bupati Pacitan , nganti berita iki ditulis ngaku urung entuk bocoran rekom..

Seumpomo informasi sing ditompo media bener ,  kemungkinan  Sesuk lagi arep dibahas ning DPC Partai Demokrat Pacitan. ( gustik)














Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda