DUH GUSTI...! muga muga menteri agama slamet saka korupsi maneh...! - PACITANPOST

Jumat, 12 Juli 2024

DUH GUSTI...! muga muga menteri agama slamet saka korupsi maneh...!


Pacitan Post Nasional.10.07.024.
Obyek perjalanan lan Kouta haji , saka tahun per tahun , sesuai catetan media meh selalu dadi obyek  oknum Kemenag korupsi.

Ora tanggung tanggung, wis 2 Menteri agama sing dicokok penegak hukum merga korupsi , yo kui Said Agil Al Munawar lan Surya Dharma Ali.

Sementara Menteri Agama kontroversial Yaqut Cholil Qoumas , iki dina uga diuber uber DPR RI terkait dugaan korupsi kebijakan Kouta Haji.

Menteri Agama RI  Yaqut Cholil Qoumas.

Bahkan DPR RI membentuk Pansus Kebijakan Kouta Haji  sing diduga enek mambu mambu  ( korupsi )  sing nyerempet Menteri Agama Yaqut Cholil Qoumas.

Sebagai seorang muslim ,  sing kebetulan uga ngantri Haji wis meh 10 tahun , muk ndedongo , muga muga pak Menteri Yaqut lolos saka jeratan Korupsi kouta Haji.

Yen ora..! Umat muslim sak Indonesia ( mungkin ) rumangsa isin merga wis 3 menteri sing dipenjara merga korupsi , bahkan salah sijine ( Korupsi) terkait pengadaan Al Qur'an.

Nek digagas gagas , seolah kaya ora masuk akal , Kementrian Agama sing nota bene diisi wong wong sing ,, identik , tokoh tokoh agama , jebul kelakuane isih resik karo wong cilik sing uripe serba kekurangan.

Bener jare' kiai kiai kampung ndisik , suarga  sesuk , urung mesti diisi wong kalung sorban , iso iso suarga sesuk bakal akeh diisi wong ora duwe ' utawa mlarat   sing uripe megap megap , ananging isih duwe iman sing mlanter.

Pancen yen soal banda donyo , wong pangkat , wong pinter lan intelektual kadang matane kero utawa jaruh , banda kui haram utawa Halal , kabeh pingin diembat ( tanpa ) wedi karo Gusti kang akarya jagad Allah Swt.

Conto conto korupsi sing dilakoni para ulama kondang sekelas Menteri Agama , Dirjen lan sak piturute , menandakan Iman seseorang ora isa diukur karo pangkat lan jabatan .

Muslim sing taat , ora merga klambi lan drajat , tapi muslim sing taat yo kui muslim sing selalu mengingat Allah lan muslim sing mikirke matine'..

Tulisan ini sebagai kritik terhadap perilaku penyelenggara Haji yang dari tahun ke tahun bermasalah , utamanya terkait kouta Haji  dan kebijakan lain ..
Ditulis Sutikno penunggu giliran haji yang sudah hampir 10 tahun menunggu sekaligus sebagai pemimpin Redaksi Media Pacitan Post...
Mudah mudahan atas ijin Allah Pak Menteri Yaqut lolos dari dugaan Korupsi atas kebijakan kouta Hajinya, kalau tidak kami malu pak....










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda