ELEMENT DESA KABEH DISIKAT WIWIT .. - PACITANPOST

Rabu, 10 Juli 2024

ELEMENT DESA KABEH DISIKAT WIWIT ..


Pacitan Ppos.10.07.024.
Umpama enek ukuran / timbangan dukungan , kelompok warga menyang salah sajine Calon Bupati/Wakil Bupati Pacitan, mungkin jumlah  sing paling okeh,  ora enek liyo kecuali Cawaub Rakhman Wijayanto .

Yen  minggu wingi  simpul dukungan teka PKB ,  Forum Kepala Desa  Pacitan ( FKKD) iki dina dukungan mengalir saka Kelompok Pegiat Desa se Pacitan.

Penyerahan Surat Dukungan saka Pegiat Desa marang Cawabub Rakhman Wijayanto ana Kantor DPC Partai Demokrat Pacitan.

Kelompok Pegiat Desa sing dikomandani Septian Dwi Cahyo ,   sore mau  (10/07) gembrudug menyang kantor DPC Partai Demokrat Kucur Pacitan.

Wis kaya biasane,  Mantan Kades Arjowinangun  Pacitan sing nyaleg entuk suara okeh dewe  , teka kantor DPC Partai Demokrat Pacitan srana   numpak sepeda motor .

Tumardi anggota DPRD Pacitan ,, melu nyekseni ,,  kelompk Pegiat Desa se Pacitan menehi dukungan menyang Cawabub Rakhman Wijayanto ana Kantor DPC  Partai Demokrat.

Teka kantor DPC Partai Demokrat  Pacitan ,  Wiwit  Bagong lan  rombongan Pegiat Desa , langsung ditampa Sekretaris DPC Partai Demokrat Pacitan Arib Setyo Budi.

Tokoh sing meh iso ditebak bakal nyandang  Ketua DPRD Pacitan periode 2024-2029 iku menehi sambutan sing intine' ,  upaya Rakhman Wijayanto golek dukungan marang berbagai kelompok ,termasuk Pegiat Desa , dalam upaya golek biji menyang DPP Partai Demokrat sing duwe wewenang menehi Rekom, tegas Arib.

Yo muga muga segala upaya pak Wiwit BG, sing wis entuk dukungan berbagai pihak , iso survy ne' duwur sahingga Rekom iso kecekel Pak Wiwiet , harap Arib.

Arib Setyo Budi wawancara terkait pencalonan Wiwit BG sebagai Cawabub Pacitan.

Ananging Tokoh sing uga Populer disebut ASB  iku ,,ngelek'ake' , yen pangkat lan drajat iku domain sing kuasa Allah SWT , mula sak bubare ikhtiar , ayo podo donga kabeh muga muga Rekom medun menyang mas Wiwit, pungkas Arib.

Sementara Cawabub Rakhman Wijayanto ngaku  ( santai ) nunggu mudune Surat Rekomendasi saka DPP Partai Demokrat , sing penting kabeh ikhtiar wis ditempuh , saiki kari nunggu berkah jalur langit, ungkap Wiwit  ambi guya guyu.

Perlu dimangerteni , persaingan  ana internal  Partai Demokrat Pacitan , saya suwe saya panas , sebab Cabub lan Cawabub internal Partai Demokrat Pacitan sing daftar Cabub /Cawabub ana 4 orang..( tik)



















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda