Gara gara Baliho Gagarin werna biru , pendukunge' dadi munyeng...! - PACITANPOST

Senin, 22 Juli 2024

Gara gara Baliho Gagarin werna biru , pendukunge' dadi munyeng...!

Gara gara Baliho werna biru Warga Pacitan  bingung karepe' de'we'.

Pacitan Ppos.22.07.024.
Jelang Pilkada Pacitan tahun 2024, warga Pacitan dihebohke'  Baleho Gagarin sing wernane' ora kuning  koyo biasane.

Ditengah isu rekom sing wis mudun , ujug ujug Ketua DPD Partai Golkar Gagarin ,  pasang Baleho , sing wernane didominasi werna biru sing identik werna Demokrat.

Masiha muk sekedar Baleho, merga momen Pilkada dianggep penting , baleho werna biru ( Gagarin) dadi spikulasi liar sing kadang dadi perdebatan panas.

Enek sing berspikulasi , werna biru menandakan Pasangan Indrata Nur Bayu Aji tetep karo Gagarin sebagai Pasangan Cabub / Cawabub.

Bahkan akeh legislator Pacitan berpandangan  pada karo kebanyakan warga.
Misale'   ! Ketua DPC PPP Agus Setyanto  , Hariawan lan sediono   berpandangan yen Pilkada Pacitan  panggah adem ayem alias wis bar.

Potret Gagarin injoy nonton Lavanipun dadi ramalan warga pacitan,iki maju opo lanjutkan.

Sing repot meneh , ternyata  ora mung masalah Baleho werna biru  sing dadi rasanan , ananging sikap Gagarin sing ujug ujug nongol ndelok Lavani tanding  Final Proliga  ana Jakarta bareng Bupati Aji lan staff liyane.

Didelok saka gesture Gagarin , wajah sumringah tanpa beban , warga Pacitan menilai , Pilkada Pacitan lanjutkan Nyawiji jilid 2.

Ananging kabeh muk tebak tebak'an , urung enek kepastian terkait Rekom Demokrat ,  Cabub'e sopo, wabub'e sopo nganti dina iki urung resmi direlise.

Bagus Surya Pratikna (timses) Wiwit Bagong ,  yakin 99,9 persen jagone bakal entuk rekom DPP Partai Demokrat sebagai Wakil Bupati Pacitan dampingi incumben Indrata Nur Bayu Aji.

 Aku yakin mas , pak Rakhman Wijayanto sing bakal kerekom DPP Partai Demokrat,  tapi sing enol koma persen  , kui urusan DPP Partai Demokrat , jare bagus ambi guya guyu.

Sementara pengurus DPD Partai Golkar Sri Widowati , omong ora usah bingung terkait baleho pak Gagarin sing wernane' biru lan ijo , tenang Golkar Pacitan isih nunggu perintah DPP Partai Golkar Jakarta.

Legeslator sing uga disebut Srikandi Golkar iku  nambah ake,  yen iki dina detik detik menunggu petunjuk DPP , Tapi ojo salah yen DPP Partai Golkar wis nugaske pak Gagarin nyalon Bupati lan nganti detik iki urung dicabut , klir yo gus...' ambi guya guyu.

Nganti berita iki ditulis , Gagarin lan Indrata Nur Bayu Aji sing pada pada kejibah ketua Partai  ana tingkat Daerah, urung isa dihubungi , hp ne tulalit..tulalit..terus menerus...( tim)












Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda