REKOM DEMOKRAT WIS MUDUN MUK KARI MACAKNE .' DEG DEG SER... - PACITANPOST

Sabtu, 20 Juli 2024

REKOM DEMOKRAT WIS MUDUN MUK KARI MACAKNE .' DEG DEG SER...

Pacitan Ppos. 21.07.024.
Wingi DPP Partai Demokrat wis nyerahne surat rekomendasi 103 surat , kabeh bersifat final , wis enek pasangane masing masing.

Menurut Ronny Wahyono,  tahap awal Propinsi Jawa Timur Jawa Timur wis  diserahne , enek sekitar 62 surat Rekomendasi.

Ananging saka 62 surat rekomendasi lagi diserahne 4 Surat Rekomendasi yo kui Kabupaten Bojonegoro,Kabupaten Situbondo,Kota Madiun lan Kota Surabaya, terang Ronny.

Putra mantan Bupati Pacitan Sujono iku uga omong, kabeh peserta cabub cawabub sing daftar ana Demokrat  dijaluk legawa  , seumpama mudune Rekom ora sesuai harapan , termasuk  akupun juga legawa atas keputusan DPP Partai Demokrat , imbuh Ronny santai.

Ketegangan justru ketok banget  ana tim Wiwit Bagong , waduh mas sewengi aku ora isa turu , seolah iki koyo nunggu hasil coblosan , terang  ( Ald) Tim sing ora gelem diwartakan.

Sementara Wiwit Bagong , babar blas ora ketok tegang  , menyang media omong kabeh tak gawe santai mas tik , kabeh wis digaris karo sing Kuasa , sing penting kabeh wis di ikhtiarke melalui kerja keras, jare Wiwit guya guyu.

Sikap santai Ronny Wahyono lan Wiwiet Bagong pancen dimaklumi merga loro lorone terpilih sebagai anggota DPRD Pacitan periode tahun 2024-2029.

Dipastikan mulai dina iki , sapa sapa sing kerekom dadi kasak kusuk ana masyarakat , kabar manuk mesti pating sliwer , merga jeneng jeneng  sing kerekom lan ora , dipastikan Pejabat Partai Demokrat Pacitan wis ngerti , biasane bisik bisik  tetangga...ora iso dibendung...ha..ha ( gustik)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda