RUSAK PARAH JALAN menuju PANGKALAN TNI AL PACITAN..MOBIL WARTAWAN sempat TERPEROSOK...! - PACITANPOST

Kamis, 04 Juli 2024

RUSAK PARAH JALAN menuju PANGKALAN TNI AL PACITAN..MOBIL WARTAWAN sempat TERPEROSOK...!

Pacitan.02.07.024.
Memprihatinkan...!
Gedung Megah Pangkalan TNI Angkatan Laut Pacitan,  sing papane ana sekitar Pelabuhan Gelon Pancer Etan,  Rusak Parah.

Dhalan ( jalan)  sing pancen urung diaspal marang Pemerintah Pacitan iku ,, saiki kondisine,,  mirip  lintasan  Road Trail , njeglong njeglong lan lunyu .

Bahkan Mobil rombongan Wartawan / pengurus FPPA sing lagi ngenekne'  kunjungan (silaturahmi)   menyang Dan Lanal Pacitan  sempat terperosok ora isa mlaku , merga saking lunyune dhalan.

Menurut Sekretaris Dinas PUPR Pacitan Yudho  , ngakoni  Dhalan pinuju Pangkalan Angkatan Laut Pacitan pancen dadi tanggung jawab Pemkab Pacitan.

Insya Allah mulai tahun 2025 , sebagian ruas jalan menuju Pangkalan TNI Angkatan Laut Pacitan bakal ditangani secara bertahap , jare Yudho ambi guya guyu.

Pengurus FPPA Melakukan kunjungan silaturahmi ke Dan Lanal Pacitan.

Sementara Komandan Pangkalan TNI Angkatan Laut Pacitan Mayor Laut ( P)  Dainuri Syamsuddin ST, Omong sebagai Prajurit wis biasa ndelok kondisi dhalan sing rusak parah koyo mengkono , iki malah tantangan mas , kami tetep semangat , tegas Komandan sing jik ketok imut.

Ananging pihak Lanal Pacitan , uga ngarep arep menyang Pemkab Pacitan terkait dhalan menuju Markar AL  sing rusak parah iki , muga muga gek dibenahi , tulung mas Wartawan , sampekno menyang konco PUPR yo...!  tambah Danlanal ambi guyon..

Perlu dimangerteni , maeng awan Jajaran Pengurus Pewarta Pacitan periode 2024-2026 ngenekne kenalan lan silaturahim menyang Danlanal Pacitan.

Pertemuan berlangsung gayeng lan guyon , cuma Komandan Pangkalan TNI AL Mayor Laut ( P) Dainuri Syamsuddin ST , sing asli Lampung iku pesen ,  insan Media Pacitan kudu kompak marang berbagai pihak,demi kemajuan Pacitan , ayo kita sinergikan kabeh potensi sing enek bareng bareng , demi terwujudnya kemakmuran rakyat, pungkasnya...! ( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda