SUSILO : PETARUNG sing KALAH TARUNG lawan HUKUM INDONESIA - PACITANPOST

Minggu, 28 Juli 2024

SUSILO : PETARUNG sing KALAH TARUNG lawan HUKUM INDONESIA

Mungkin sosialita ning Indonesia kon nglakoni nulung wong mlarat,wong lara ,wong mati ora enek sing isa kaya SUSILO.

Pacitan : 29.07.024.
Langkah Susilo ,  saben dina ngrukuni wong cacat,wong mlarat , wong lara bahkan wong edan patut diacungi jempol.

Mungkin golek tokoh sing kaya Susilo  jaman saiki rada kangelan , gelem ngedusi wong edan , gelem gendong wong lara tengah wengi , gelem menehi beras wong ra isa mangan , gelem ngrukuni wong mati merga raduwe sanang kadang lan aksi sosial  liyo liyane.

Merga saking peduli marang kesengsaran wong liya ,  Susila nganti lali golek pangan , baka setitik banda keluargane dijupuk kanggo ngrukuni wong mlarat lang wong lara.

Saking wis rakuat nyangga  dewe , susila ngedegne semacam LSM Sosial sing dijenengke PETARUNG SOSIAL.

Mungkin karepe Susila , kanthi ngedegne LSM Sosial  , karepe ' keruwetane ngewangi wong mlarat , wong lara , wong edan lan wong mati isa direwangi Pemerintah.

Ternyata harapan Susila Zong , Pemerintah duwe pakem dewe , pemerintah duwe mekanisne dewe , ora asal bantu merga enek tahapan sing rada ribet .

Pancen yen ngejibke Pemerintah , wong ora isa mangan dina iki , ora mungkin pemerintah menehi dina iki , wong lara dina iki Pemerintah ora mungkin nulung dina iki , sing akhire penderita akeh sing nekani pati .

Ora menyerah karo ribeting aturan Pemerintah Susila mulai tertarik lan tergoda bisnis jangka pendek , yo kui Investasi sing ditawarke wong liyo.

Mobil mewah kadol , toko kadol , hasil penjualan toko amblas , muk gara gara tergiur investasi bodong sing ditawarke RONDO KEMPLING sing isih keetung tanggane dewe.

Susila tergiur Investasi bodong merga warga liya okeh sing melu , Bojone Polisi Polsek nglorok , PNS nglorok lan warga masyarakat liyane uga melu Invest

Ora nyana ora ngira perjuangan golek duwit kanggo nulung kesengsaran wong liyo justru ajur mumur merga keblegong investasi bodong nganti entek sekitar 500 juta.

Mbuh merga wis kadung judeg, kasus penipuan RONDO KEMPLING dilaporne Pihak Berwajib , sing akhire si Rondo Kempling ditersangkakan lan ditahan.

Cuma sing gumun , Susila sing uga anak tentara lan pengusaha Bus Pacitan Jaya Putra  ( alm Heru PJP) , protes keras marang penegak hukum Pacitan sing dianggep bertele tele lan ora serius nangani kasus Investasi Bodong ana Pacitan.

Bener tersangka pernah ditahan , tapi berkas perkarane janji mlebu kejaksaan ditolak , merga jare kurang lengkap buktine.

Bahkan Susilo tambah judeg merga kanggo nglengkapi berkase , pihak penegak hukum kongkon nekakne Auditor sing jaluk bandrol sekitar 50 juta.

Akhire Susila sing ngibarke bendera PETARUNG SOSIAL rumangsa kalah TARUNG MARANG HUKUM INDONESIA.

Saiki gaman Susila kari siji ,  gawa persoalan ketidak adilan hukum lewat jalur Pusat lan lewat Jalur Langit .

Ngadu menyang Pengurus FPPA sebagai jalur alternatif ,  SUSILA diwejang  marang pengurus FPPA , masiha awakmu berbuat suci lan apik , nggendongi wong lara , ngedusi wong edan lan makani wong mlarat , ojo sekali kali amalmu sucimu bakal diperhatikan lebih.

Reskrim , Kapolres , Jaksa & Hakim muk menungsa biasa sing uga duwe luput / mungkin keadilan  urung wayahe teka menyang awakmu , tapi FPPA yakin suatu saat Keadilan bakal teka ...( bersambung)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda