Wawancara Eklusif : Wong meteng Pacitan luwih Sehat ketimbang wong meteng luar..? - PACITANPOST

Kamis, 11 Juli 2024

Wawancara Eklusif : Wong meteng Pacitan luwih Sehat ketimbang wong meteng luar..?

Kadinkes Pacitan dr Ndaru Mustokoaji wawancara eklusif dg Pimpinan Redaksi Pacitan Post,  terkait stunting Pacitan dibawah Nasional..

Pacitan Ppos.11.07.024.
Persoalan Stunting / gagal tumbuh pada anak akibat kurangnya asupan gizi , ternyata ana Kabupaten Pacitan cara ,, Penanganane',, luwih berhasil ketimbang daerah liya.

Fakta keberhasilan penanganan stunting Kabupaten Pacitan , isa didelok saka prosentase angka stunting tingkat Nasional  sekitar ( 14 %) sedangkan Pacitan cuma  berkisar ( 12 %).

Dr Ndaru Mustokoaji , selaku Pejabat sing paling bertanggung jawab  terkait persoalan Stunting , mengapresiasi kinerja konco konco lintas sektoral , terkait persoalan Stunting pada anak .



Dinkes lan  Rumah Sakit , ora isa kerja dewe ,yen ora dibantu konco konco / dinas liyane ana lingkup Pemkab Pacitan, jare Ndaru  saat ditemoni media ana  kantore.

Sementara Kepala Dinas KBPPA  Pacitan Jayuk ,  melu rumangsa seneng , Kabupaten Pacitan terkait stunting isih sak ngisore prosentase  Nasional.

Jare Jayuk ! , Stunting Pacitan rendah ,, indikasine ,,  saben saben ,, ana acara timbang bayi ana puskesmas , selalu teka kabeh  ( 100 persen) alias  kabeh bayi selalu timbang badan.

Kesadaran ibu ibu Pacitan sing duwe bocah cilik( balita) duwur banget, mungkin ibu ibu  sadar , yen asupan  gizi sehat  lan vitamin iku penting' tambah Jayuk.

Penilaian lain malah justru saka LSM Bhineka Bangsa Pacitan , Ferry selaku sekretaris LSM Bhineka Bamgsa Pacitan komentar , hasil turunnya angka stunting ana Pacitan , tak kira ora semata mata ibu hamil bergizi cukup , tapi iso juga disebabke' jaman saiki wis arang wong meteng, jare Ferey ambi guya guyu.

Praktisi Hukum Perdata iku secara umum, omong  pasangan suami istri yen arep duwe anak luwih saka loro , rata rata kabotan  merga nglangut ale arep ngragati, mula kui  , konsekwensine  , jaman saiki wis arang cah cilik...merga mamak'e wegah meteng maneh..( tim)











Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda