jare' Nikah tanggal Jawa apik, kok akeh sing pegatan..opo ramalan dukun wis aber? - PACITANPOST

Jumat, 09 Agustus 2024

jare' Nikah tanggal Jawa apik, kok akeh sing pegatan..opo ramalan dukun wis aber?

Dukun manten biasa dipakai dll acara nikahan ( foto trs Med)

Pacitan Ppos.09.08.024.
Ora mung Artis sing demen kawin cerai , masyarakat biasa pun , mlarat sugih akeh sing cerai Utawa pegatan.

Alesane cerai maneka warna , enek sing  alesan  wis ora cocok , pasangan  selingkuh nganti  alesan ekonomi.

Padahal sakdurunge nikah , umume pada digolekne dina apik , Yo kui dina sing menurut keyakinan wong tuwek,  dina sing berkahi , gancar ale golek sandang pangan,  langgeng Ale bebrayan  nganti kaken ninen ninen.

Hajatan tradisi Jawa yang masih langgeng dgn tradisi gotong royong /rewang.

Sing dadi pitakonan  , ijik relevan kah tradisi nikahan  golek tanggal apik ? Mengingat jaman Saiki justru akeh wong nikah  bubrah alias ora langgeng.

Ironise ' saben saben golek tanggal apik , dinane okeh sing gadok , sedina wong ewuh Isa nganti  3/4 bahkan nganti 5 barang , nganti sing nyumbang pusing mikir Ale asok .

Mungkinkah  tanggal apik ramalan wong tuwek wis mulai aber ?.
 Utawa  mungkinkah, pola wong duwe' gawe  saiki  kudu mulai  dirubah ? Mengingat sejatine Gusti Allah iku gawe dina Kabeh apik.
Ora enek critane Gusti Allah gawe dina iku elek.

Tradisi ewuh mantu masih kental dengan cara desa yaitu gotong royong .

Pancen ana Indonesia , wis mulai enek sing ora nganggo ramalan golek dina apik , ananging isih sebatas kelompok kelompok islami tertentu , liyane isih tetep nganggo ramalan dina apik  , khususe masyarakat Jawa/Sunda/Bali/Banten.

Golek dina apik  , saben saben wong ewuh,  pancen tradisi turun temurun , sing awale mung nganggo ilmu titen.

Pancen urung enek penelitian , bebrayan Bubrah merga salah tanggal  ramalan dukun / wong tuwek , ananging minimal , kenek kanggo instropeksi , Yen sejatine  , tanggal cinaton wong ewuh,  muk sekedar ancer ancer..

Tulisan ini bentuk keprihatinan bagi pasangan suami istri yang mudah kawin cerai , sekalipun tanggal pernikahan sudah didesain kesakralanya baik tanggal dan tradisi lainnya...ditulis oleh Sutikno pemimpin Redaksi Pacitan Post




















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda