ORA AMAN GO LANGEN CAH SMP MATI NING KALI MENTORO , DIDUGA DASAR KALI RUSAK GARA GARA ULAH PENAMBANG PASIR NDISIK. - PACITANPOST

Sabtu, 10 Agustus 2024

ORA AMAN GO LANGEN CAH SMP MATI NING KALI MENTORO , DIDUGA DASAR KALI RUSAK GARA GARA ULAH PENAMBANG PASIR NDISIK.

korban cah SMP mati klelep ning kali mentoro.

Pacitan Ppos.10.08.024.
Wis ora isa dipungkiri ,  akibat  ulah  penambang pasir jaman disik  , akeh bocah klelep merga dasar kali akeh sing rusak.

Dasar kali dadi jeglang jeglong , enek sing cetek - enek sing jero  , yen ora ngati ati bocah sing ra isa renang   pasti bakal kebledes, merga pasire ambles.

Ketok'e jeglongan kali  banyune cetek , tapi yen dipidak  ternyata ambles lan amblese iso  nglelepne bocah sing ora iso renang.

Contoh kongkrit , Cah mati maeng awan Sabtu  (10/08)  ning kali grindulu  dusun Duduhan Desa Mentoro Pacitan.

Awale korban tergoda beninge' banyu jeglongan kali  Duduhan , mungkin dikirane cethek , ternyata bareng dipidak  ambles .

Menurut laporan Polisi Polres Pacitan , korban sing ijik sekolah ana salah sijining SLTP Pacitan , awale janjian  arep mancing bareng konco koncone ,  tapi  tekan lokasi dusun Duduhan Mentoro niat mancing ora sido,  bocah bocah justru malah playon sirat siratan banyu lan  tanpa disadari korban sing jenenge Adam ArRahman mlebu ning jengglongan , sing ternyata  permukaane banyu jero banget.

korban Adam Ar Rahman dievakuasi saka Puskesmas Mentoro menyang RSD Darsono Pacitan.

Ngerti koncone haep..haep..klelep ,  Dona lan Almarfin melung melung  njaluk pitulungan warga kampung , dipimpin langsung  Kasun Duduhan Widhiana,  korban Asli dusun Krajan Kelurahan Ploso Pacitan ditemokne ana dasar kali, sing ketok jeglong.

Jenazah digawa ning Puslesmas Mentoro bablas dirujuk ning RSD Darsino Pacitan, korban  dalam posisi wis mati , jare pihak RSD  korban  mati kira kira sak jam sakdurunge merga klelep.

Kematian Adam Ar Rahman , mungkin yen dietung wis kaping 5 bocah mati ning kali Grindulu , diduga akibat kleleb ning jengglongan dasar sungai.

Perlu dimangerteni , jaman disik kali grindulu isih aman dienggo langen lan undur golek cerek , tapi jaman saiki dasar kali wis rusak parah.

Kali grindulu  jaman saiki , dasar kali akeh jengglongane , tebing kali akeh sing ambrol , wit witan   akeh sing ambruk, , lemah kuburan  dadal dowal .

Bahkan sing lucu , akeh  sebagian mayit  sing keli merga lemah kuburane  ambrol , lan memaksa   lokasi makam warga  duduhan dipindah kabeh menyang Gunung.

Terkait kerusakan Kali Grindulu , sing rata rata dasar sungai jeglang jeglong , aliran kali belak belok ora genah ditambah  tebing kali sing gampang ambrol , meh kabeh warga sepakat Penambang Pasirlah sing dadi biang kerok'e kali grindulu  wis ora aman kanggo ciblon/langen.

Perlu dimangerteni , yen wis penambang pasir operasional , moncong sedotan pasir ngurek sak wiyah wiyah , ora perduli gampengan kali , butuh nyosor  gampengan yo disosor , pikire penambang muk siji golek duit sak udele dewe,..butuh nyosor yo nyosor...( Gustik)

















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda