PACITAN DPP PDIP ORA Ngetokne REKOM kabeh CALON PILKADA...? - PACITANPOST

Kamis, 15 Agustus 2024

PACITAN DPP PDIP ORA Ngetokne REKOM kabeh CALON PILKADA...?


Heru Setiyanto  fungsionaris  DPC PDIP Pacitan.

PACITAN Ppos. 15.08.024.
Suasana Pilkada Pacitan tahun 2024, saya suwe saya  terang benderang , PDIP sing biasane mbudalne cabub , secara resmi gelaran Pilkada Pacitan tahun 2024 urung /ora mbudalne calon. 

Didelok saka pengumuman resmi DPP PDI Perjuangan ( khususnya ) Propinsi Jawa Timur, surat rekomendasi Cakada  Pacitan ora enek alias ora metu. 

Menurut Fungsionaris DPC PDI Perjuangan Pacitan Heru Setiyanto, kabeh  tokoh sing daftar lewat DPC PDIP Pacitan  ora /urung enek sing kerekom. 

Bahkan  tambah Heru , signal DPP PDIP ora ngetokne rekom kanggo Pilkada Pacitan gede banget, buktine nganti seprene  urung enek trontong trontong , Pengurus DPC PDIP Pacitan dipanggil  DPP PDIP, dijak omong bab Pilkada Pacitan, tambah Heru. 

Praktis ' seumpama bener , PDI Perjuangan Pacitan nganti  tiba cinaton, ora enek sing kerekom DPP PDIP , dipastikan Pilkada Pacitan Tahun 2024 , isa isa lawan bumbung kosong ( sarana catetan ) Gagarin ijik tandem karo Bupati Incumben. 

Perlu dimangerteni, pendaftaran Pilkada Pacitan kurang luwih kari sepuluh dina, ananging nganti dina iki urung enek surat rekomendasi mudun.

Partai Demokrat  , Partai Golkar, PKB,PDIP. Nasdem lan partai cilik liyane, kabeh urung enek trontong trontonge  Rekom mudun...( tim) 

























Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda