Soal Adem: Jumog Kalah Adoh karo Pakis Baru Tapi....... - PACITANPOST

Minggu, 04 Agustus 2024

Soal Adem: Jumog Kalah Adoh karo Pakis Baru Tapi.......

Air Terjun Jumog Kabupaten Karanganyar viewnya biasa-biasa saja, hawa dinginnya masih kalah jauh dengan daerah Pakis Baru Nawangan dan sekitarnya, tapi kenapa setiap sisi Jumog dan sekitarnya menjadi salah obyek wisata Favorit lokal saat ini? (liputan langsung Redaksi Pacitan Post).

Pacitan Post Group.04.08.024.
Sajatine Kabupaten Pacitan , soal jenis  obyek Wisata - ( Kwantitas)  menang adoh dibanding daerah liya,  bahkan mungkin  sak Asia Tenggara Kabupaten Pacitan paling ,, terlengkap,,

Pacitan duwe panorama  Laut sing  Endah sepanjang 96 Km , duwe puluhan Goa bahkan enek sing terbaik se Asia  , enek Wisata Air Panas ( kadar belerang) paling aman lan paling apik se Indonesia , enek Wisata susur  Sungai , enek Wisata Monumen Perjuangan , enek wisata Religi , Enek wisata Musium Presiden lan terakhir kota Pacitan duwe daerah dataran tinggi (Istimewa) sing Ademe' pol.

Khusus Daerah Adem.
Biasane Kabupaten / Kota , sing duwe' daerah adem , mesti lemahe' subur , rakyate makmur  merga obyek wisatane'  mashur / terkenal.

Conto faktual  : 
Daerah Puncak Pas Cipanas   Bogor , kota Batu Malang , Dataran Tinggi Dieng  Wonosobo  ,Kali urang  Sleman   lan terakhir Jumog /sekitar Tawang Mangu kabupaten Karang Anyar Jawa Tengah.

Air Terjun Jumog.
Panorama Air Terjun  Jumog  Karang Anyar Jawa Tengah ,  isa diarani biasa biasa saja  , tapi giat pelaku wisata Air Terjun Jumog ( Pewarta) ngacungi jempol  , The Best Tourism Actors.

Warga Lokal dataran tinggi Kabupaten Karang Anyar ( Tawangmangu dan Sekitarnya) bener bener memanfaatkan potensi daerah sing enek.
Pada daerah adem liyane , hasil bumi utamane sayur mayur / buah buahan dikelola krana apik lan terpadu.

Kuliner .
Iki sing diarani wartawan gumun ! .
Engatase' obyek Air Terjun Jumog muk sekedar koyo  kalen / sungai kecil sing banyune ora Pati okeh tapi bening
 
Kanan kiri sungai kecil dimanfaatkan sebagai tempat kuliner warga lokal dan kondisinya cukup ramai.

Kocapo ' 
Masiha muk sekedar  wujud kalen , ananging warga lokal  ,, memanfaatkan,, kiwa tengene' kalen kanggo dodolan panganan ringan .
Enek  kopi ,wadang jahe , mie lan panganan  panganan ringan liyane.

Ternyata usaha  (kuliner ) warga lokal cukup berhasil , wisatawan  akeh sing tuku sinambi ngawasi anak anake' ciblon ana kalen  sing banyune bening  , ora Pati Jero Lan  aruse' ora Pati banter , pendek kata aman kanggo ciblon.

Pelaku wisata liyane ...! 
 misale' tukang ojek lan mobil wisata sing jumlahe puluhan bahkan atusan .
Lanang wedok dadi tukang ojek , Ning jumok  wis biasa lan membudaya.
Miturut Endang ,  ojek wedok sing sempat  gonceng bojoku omong , minimal sedina entuk 200 ewu Bu ,  lumayan  jare endang sumringah.

Jadi daerah Dinamis.
Secara umum , dataran tinggi Kabupaten karang anyar wargane makmur makmur , kafe kafe pathing tlecek , villa lan Wisma   Pating clenuk , Hotel klas melati bak koyo jamur musim udan ,  atau pendek kata '
 kehidupan wargane dinamis banget.


Bayangke' Pakis Baru Nawangan.
Pimpinan Redaksi  sing uga ( owner) Media Pacitan Post   (bubar Plesiran) menyang Jumog  langsung duwe penenilaian , Bahwa Obyek Wisata Air Terjun  Jumog   Cukup berhasil .

 Bayangne' Dataran tinggi Pakis Baru.
Wartawan sing uga ketua FPPA Pacitan, ndelok kasunyatan warga  Jumog makmur makmur , langsung bayangake ! 
Seumpama warga daerah Pakis Baru Nawangan lan sekitare' ,  sing nota bene' duwe' daerah hawa sejuk lan  adem , umpama  perilaku wargane ' kaya daerah dingin liyane , mendah Ale makmur kehidupane'.  

Daerah Adem diluar Pacitan ora duwe' Obyek Wisata sekelas Nasional , tapi Daerah Adem Pakis Baru Nawangan , duwe' Monumen TNI Tingkat Nasional sing cukup megah,  Yo kui Monumen Jendral Soedirman .

Saiki pertanyaane'
Nyangopo kok Kabeh daerah Adem Pacitan , koyo to Nawangan & Bandar lan sakpiturute , ora koyo daerah liyane sing luwih maju lan makmur ...? ( Bersambung..).



































Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda