DUKUN LAN PARANORMAL MULAI UMBAS UMBIS NYEDAK CALON.. - PACITANPOST

Senin, 23 September 2024

DUKUN LAN PARANORMAL MULAI UMBAS UMBIS NYEDAK CALON..


Pacitan Ppos. 24.09.024.
Jenenge wong ndesa , yen kon ngilangke pengaruh perdukunan lan keparanormalan pancen angel banget. 
Bahkan korbane  ora dumeh wong ndesa , wong perkotaanpun soal pengaruh dukun / para normal uga ijik okeh . 

Sing paling nyolok  , praktek keparanormalan isa didelok musim Pilkades , Pilkada bahkan Pilpres. 
Rata rata cecunguk sing gawa dukun lan para normal  mesti tim pendukung  / timses Bakal Calon . 

Sedang calon sing rata rata wong pendidikan ( Asline) ora pati percaya bab klenik / suwuk sembur sing rada rada mengarah ke syirikan. 

Ananging gandeng posisi Calon tujuane golek suara , tentu si Calon wegah nyinggung perasaane tim , masiha sejatine ( lengkat lengkot ) si Calon biasane nurut apa sing dikarepne Dukun utawa Para Normal. 

Kanggone wong sing ramudeng ilmu perdukunan , ketika calon budal menyang palagan pilihan ( perhatekno ) sang dukun mesti ngunder ning omahe calon utawa mulih. 

Yen dukun ngunder ( nunggu) ning omahe calon biasane sang dukun wis memperkirakan sang calon bakal menang, tapi yen dukun wis mulih sementara calon durung bar ale pilihan, biasane dukun wis ngerti yen calon ora mungkin menang. 

Dadi prinsipe' , tebakan dukun iku ora lepas saka kondisi lapangan , kondisi politik lan liyo liyane.
Yen diperkirakne menang , sang dukun nunggu ning omah ethok ethok'e nyiapne ritual , sing tujuane ngundakne sangu. 
Tapi yen dukun buru buru mulih , kui muk menghindari ( isin ) merga ngerti calone kalah. 

Tapi ojo salah , yen tahapan pilkada isih koyo mambengi ( pengambilan nomor urut ) rata rata dukun isih ngunder ning omahe calon, isih pating blulung ana sekitare tim sukses, dodol pengaruh lan simpati. 

Ati ati dukun sing metu wayah pilkada, lan melu melu ningbrung ning sekitar tim ses utawa keluarga calon , tujuane muk dodol pengaruh bab keparanormalan liyo , dodol rejeki lancar , dodol pangkat ben gampang lan dodol mistik mistik liyane. 

Undian nomer mambengi opo enek..? 
Soal dukun lan para normal beraksi ana Pilkada Pacitan tahun 2024 ,  miturut pengamatan media wis diwiwiti mambengi. 

Kabeh calon wis enek  kabeh , ananging rata rata isih sekedar ofservasi awal sing pengendaliane isih dibawah anggota tim , pendek kata isih umbas umbis urung wani terang terangan nyang calon. 
Tapi calon sing terang terangan ket awal nganggo jasa Paranormal yo wis enek.. (Tim) 
















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda