RAWAT JAGAT SESUAI TUNTUNAN YEN DILAKONI TENAN. - PACITANPOST

Jumat, 20 September 2024

RAWAT JAGAT SESUAI TUNTUNAN YEN DILAKONI TENAN.


Pacitan Ppos 21.09.024.
Sabtu sesuk ( 21/09) Pemerintah Kabupaten Pacitan , arep menyelenggarakan Acara rutin Rawat Jagad tahun 2024.
Acara Rawat Jagad sing awale jenenge' Ruwat Jagad tahun 2024 iki wis kaping 3 . 

Perlu dimangerteni , awal Ruwat Jagad dienekne (  tahun 2022) sempat  dadi gendra  lan kontroversi luar biasa ana Pacitan, Wektu kui Bupati Indrata Nur Bayu Aji dadi bulan bulanan kritik wong Pacitan , acara Ruwat Jagad dianggep ngendas dasi Sing Kuasa . 

Ananging ternyata , Bupati Aji  berjiwa besar ngakoni kekeliruane , lan akhire  Istilah Ruwat Jagad mulai  tahun 2023 diganti Rawat Jagad  nganti tahun 2024 iki. 

Sesuai tuntunan Al Qur'an , istilah Rawat Jagad pancen  wis dadi kewajibane menungsa sing urip ana alam Donyo. 
Gusti Allah dawuh  ana ( Qs Al Araf ayat 56 ) sing artine " Dan janganlah kamu berbuat kerusakan di muka Bumi setelah diciptakan Allah secara  baik dan berdoalah kepadaNya dengan rasa takut dan penuh Harap, sesungguhnya rahmat Allah sangat dekat dengan orang orang yang berbuat kebaikan. 

Didelok saka ayat duwur , jelas menungsa diperintahne marang Gusti Allah ora entuk Ngrusak alam , tapi justru dikongkon ngrawat alam ,  srana berdoa kanti keyakinan sing duwur. 

Conto conto sing dimaksud ngrusak Bumi/ Alam, misale babat alas ngawur sing akhire nyebabne banjir ,  Perang antar suku utawa negara sing nyebabke kematian lan rusak'e lingkungan , lan pelanggaran pelanggaran lllingkungan liyane. 

Miturut penulis , sepanjang Acara Rawat Jagad ora gambarake hal hal sing bersifat Mistis lan syirik , acara Rawat Jagad klebu tontonan sing ora perlu dimasalahne. 

Cuma sing tepat lan apik , acara Rawat Jagad ana Pacitan sing dienekne saben tahun, kegiatane ora muk sekedar visualisasi Seni lan Budaya tok , tapi dibarengi kerja nyata ngrawat bumi tenanan . 

Tak kira Warga Pacitan  , Kabeh bakal seneng yen  para pejabat  Pemkab Pacitan ( dlm rangka acara Rawat Jagad uga  mikirke banyu sing saben saben usum ketiga ( kemarau) mesti kangelan golek banyu. 

Ora muk sekedar droping droping banyu, tapi uga  membangun fasilitas sumber sumber air Daerah  Pacitan sing kadang kebuang percuma ngalir menyang kali utawa laut.

Bupati lan Pantia Rawat Jagad kudu menyadari , ketika Panitia Fokus marang acara acara sing sifate nglebar duit atas nama  uri uri budaya lan seni ,  dipastikan acara  RAWAT JAGAD ora bakal langgeng seiring pergantian pimpinan.

Isa wae  Pimpinan anyar Acara Rawat Jagad dibusak saka agenda rutin pertahun , yen memang dinilai kurang produktif. 

Mumpung kabeh urung kadung , ana apik'e yen Acara Rawat Jagad  divisualisasikan Kerja Nyata lingkungan , tanpa ngurangi kaidah seni lan budaya sing dikarepne panitia... 
PACITAN POST GROUP  MENGUCAPKAN SELAMAT ATAS TERSELENGGARAKANYA ACARA RAWAT JAGAD KE 3 TAHUN 2024.
SEMOGA SUKSES DAN BERJALAN LANCAR. 
Ditulis oleh  Sutikno (Pemimpin Redaksi) Pacitan Post Group sebagai bahan masukan dalam rangka  kegiatan Rawat Jagad tahun tahun mendatang... 



















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda