SAH...! RONNY-AJI WIS AKUR , PENDUKUNG JIK KERAH..PAYAH.! - PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 05 Desember 2024

SAH...! RONNY-AJI WIS AKUR , PENDUKUNG JIK KERAH..PAYAH.!

Ora enek critane'  kalah nyalon satru..! 

Pacitan. 05/12/024.
Pertarungan opo wae , biasane nimbulke luka kanggo sing kalah , kadang isa satru utawa congkrah kedawan dawan. 
Ananging kanggone  pasangan Aji-Gagarin ora berlaku , sekali konco tetep konco. 

Iku ditunjukne sikap manis Pasangan Aji-Gagarin sing wiingi (4/12)  nekani langsung Paslon 01 Ronny Wahyono- Wahyu Saptono  Hadi ana dalem Tamperan. 

Sekalipun  cawabub  Wahyu ora teka , ananging ora nyuda makna silaturahmi sing dibangun Aji- Gagarin lan Ronny Wahyono, bahkan Ronny terlihat santai nompo pesaing politik'e sing sejatine konco koncone  dewe. 

Miturut Asisten 3 Denny Nurcahyantoro , sing kebetulan diutus makili Pengukuhan Pengurus FPPA ana Jogjakarta omong , 3 tokoh penting Pacitan iku kabeh duwe tilas perjuangan ana Pacitan , pak Aji pernah dadi Ketua DPRD, Pak Ronny pernah dadi Ketua DPRD lan pak Gagarin uga pernah dadi Wakil Ketua DPRD Pacitan. 
Mula yen sing duwur (Paslon) wae wis damai , kudune sing ngisor ( Timses v Pendukung ) klebu Wartawan sing sempat terkontaminasi eforia pilkada kudu damai , ojo malah ojleg ojlegan  ora rampung rampung , kita harus tetap bersatu , demi Pacitan yang sejahtera , pinta Denny. 
Perlu dimangertenuni , hasil rekapitulasi Pilkada Pacitan tahun 2024 dimenangke paslon 02 ( Indrata NBA - Gagarin Sumrambah sekitar 68 persen , sedang proses sakteruse, kari nunggu pelantikan.. ( tik) 














Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done