IBUNIPUN PAK BUPATI AJI SEDA, MUGI HUSNUL KHATIMAH BU ENDANG...SUGENG KUNDUR... - PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 06 Februari 2025

IBUNIPUN PAK BUPATI AJI SEDA, MUGI HUSNUL KHATIMAH BU ENDANG...SUGENG KUNDUR...

Pacitan 07.02.025.
Gerah sawetawis ( stroke )  ibu nipun bapa Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ( Wati Sujono) injing puniko  ( 07/02) kapundut marak sowan dumateng ngarsanipun Allah SWT.

Miturut informasi saking tetanggi pak Bupati ( Supri)  injing puniko sedanten kerabat sampun ketawis ngempal wonten dalem  Joglo Ploso Pacitan  , klebet pejabat pejabat Pemkab Pacitan sampun sami ngempal saperlu nyiapaken upacara pemakaman .

Perlu dipun mangertosi , Ibu Endang Widowati  inggih puniko Garwanipun bapak Sujono mantan Guru SMAN I Pacitan  ugi mantan Wakil Bupati Pacitan , gadah Putro ingkang sedanten dados tiyang penting wonten nagari Indonesia , wonten ingkang dados  Perwira TNI , Anggota DPRD Provinsi lan dados Bupati Pacitan.

Suasana rumah duka Jenazah sedang dipersiapkan untuk dimandikan

Ibu Endang Widowati , informasi ingkang mlebet saking Media, Bade dipun Makomaken antawis tabuh .9.30 wib , wonten pemakaman  i Kucur Kelurahan Sidoharjo,ananging wonten informasi Malih bilih wekdal pemakaman tabuh ba'da salat ashar nengga bapa Bupati rawuh saking Jakarta.

Gandeng Bumi Pacitan menika wiyar , warga Pacitan ugi kathah , dipun perkirakaken Griya Lelayu   ingkang papanipun wonten Joglo Ploso  penuh  para Ta'ziah ingkang dugi saking pundi pundi 

Ucapan duka cita saking berbagai kelompok masyarakat Pacitan , milai karangan Bunga lan sak piturut ipun sami berdatangan klebet ucapan bela sungkawa saking Forum Pewarta Pacitan ( FPPA) ..( Tim)





Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done