Pacitanpost.26.02.025.
Buka tutup dalan Pacitan - Ponorogo ijik sawetara waktu , merga material longsoran gede banget lan Atos.
Miturut Kepala UPT Dinas PU Binamarga Propinsi Jawa Timur Area Pacitan Ir. H.Budi Hari Santoso ST MT omong yen nganti Dina Iki ( Selasa 25/02) urung Isa dibuka total , alesane kejaba saking gedene watu, longsoran uga isih kemruthuk jiglok saka duwur.
Jare Budi , aku ora wani spekulasi ,merga watu sak ndas ndas ijik sering jiglok saka nduwur, mula Ojo sok lungo bengi merga kondisine peteng ndedet ora enek lampu.
Perlu dimangerteni , longsor ana desa Gedangan Kecamatan Tegalombo pancen tergolong berat , sanadyan UPT Dinas PU Propinsi Jawa Timur wis ngirim 2 alat berat , tapi pembersihan material longsor urung tuntas.
Sekedar tambahan informasi , udan deres ( ekstrim) sing guyur wilayah Pacitan ternyata ndadekne tanah tanah lembah dadi gembur , klebu tanah sepanjang pinggir Kali Grindulu sing tepine kanggo ( jalan) utama Pacitan Ponorogo...( Tik)