TOTOK SLAMET SAKA PERISTIWA ADU BANTENG. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 10 Februari 2025

TOTOK SLAMET SAKA PERISTIWA ADU BANTENG.

Pacitan Pos.10.02.025.
Nyawane Totok , penjual bensin eceran  sing biasa mangkal ana ngarep Masjid Al Hidayah Kedawung Mentoro ,  Isa diarani  isih slamet lan kebejan.

Jare Totok ! aku kui lagi asyik ndelok Tik Tok , lha kok ujug ujug mak ..braaaak. seru banget  persis Ning sampingku.

Aku lagi sadar jebul enek mobil adu banteng persis cedak  lehku lungguh .
.
Mobil jenis Pickup Grandmax  nopol AD 9327 DV  melaju saka arah kulon ( Pacitan)  sedang Truck Engkle melaju saka arah etan ( Lorok) .

Ora enek wong ngerti persis kronologi tabrakan , sing jelas  mobil Truk Engkle  sing  lazime sirahe madep ngulon , nganti berbalik madep  ngetan,secara logika   peristiwa tabrakan saking kerase'.

Akibat tabrakan  adu banteng esuk Iki maeng ,kondisi sopir Grandmax sing jenenge Bagyo masiha cidera berat, nyawane isih slamet ,bahkan  Tutik bojone Bagyo sing lungguh ana sampinge sopir muk cidera ringan.

Menurut keterangan  Chandra , Polisi Polres Pacitan sing nangani kasus Laka Mentoro , Kabeh korban wis digawa Nang RSD Darsono Pacitan .

Pak Yani ijik Ning Rumah Sakit nganter korban , terkait kronologi tabrakan urung Isa dirilis merga Kabeh urung isi diproses.

Sekedar tambahan informasi , Bagyo Sopir Grandmax  ternyata isih kerabat dekat anggota DPRD Pacitan Win asal Ketro , Bagyo lan Tutik bojone saben dina merupakan pedagang sayur Pasar Minulya.

Merga isuk isuk Bagyo lan bojone sering banget  bakulan Ning pasar minulyo ,   enek dugaan Pak Bagyo ngantuk..sebab rata rata Pak Bagyo menyang Pasar minulyo sekitar jam loro bengi...tik

Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done