Pacitan 12.04.025.
Dongeng sing wis melegenda bab segara Kidul , Kawit jaman kawak Uda ijik diyakini marang sebagian Nelayan Pesisir segara Kidul , utamane' bab dongeng Panguasan Laut Ny Roro Kidul.
Mungkin kanggo wong sing iman islame mlanter , crita bab Ratu Kidul dianggep ( Syirik) , tapi kanggo masyarakat Nelayan Kidulan koyo to Pacitan sebagian besar tetep ijik percaya ,
mula tradisi tradisi Larung sesaji , mitos klambi ijo tetep ijik di percaya lan diuri uri.
Ndlalah ! Ana lebaran tahun Iki (2025) obyek wisata Laut Pacitan Isa diarani ngunduh Lelayu / kecelakaan laut , Yo kui akeh Wisatawan sing keseret ombak ganas segara Kidul , bahkan nganti Dina Iki wis kecatet wong 6 mati kecemplung segara.
Seminggu kepungkur 3 Wisatawan Asal Ponorogo klelep ana tempuran Dong Glondang Pantai Soge Ngadirojo , wingi 2 Pelancong Asal Klaten lan Boyolali mati kesapu ombak ana Pantai Klayar lan mau bengi seorang pemancing dikabarkan kecemplung laut ana Desa Plumbungan Kecamatan Kebonagung Pacitan ,sing Dina Iki isih dalam pencarian.
Tapi sayang ! Sing mati Ning segara Pacitan minggu Iki , tercatat Kabeh ora nganggo klambine ijo , tapi Lorek ,Ireng lan werna liyane.
Miturut Sugiharyanto , Mitos Ratu Kidul bakal ngepek bojo wong kang nganggo klambi ijo, kui muk dongeng belaka , faktane sing mati malah ora enek sing nganggo klambi ijo , tapi Lorek Lorek lan werna liyane , mula ora usah terlalu dipercaya .
Pengusaha Ternak Burung lan alat alat Bangunan iku pesen marang Wisatawan utamane' sing teka saka njaban Kuto , ombak pantai Selatan iku berbahaya , waktu waktu tertentu ombak landai , tapi ombak gede kadang teka ujug ujug , imbuh Sugek.
Sekedar tambahan Informasi , sebagian besar Wisatawan luar kota yen wis dolanan banyu segara lali , ora krasa yen Ale gembuyakan/ bercanda saya nengah nengah sing akhire kesapu ombak...( Tik)